Wayang Urban

Saraseha Budaya (Wayang Urban)
Dalang     : Nanang Henri Priyanta

Latar belakange Mas Nanang gawe wayang urban kuwi amarga dheweke kerep kumpulan karo kanca-kanca sing anduweni tradisi sing beda-beda, lha kancane kuwi pengen mangerteni tradisi sing ana ing pewayangan kuwi, ananging kanca-kancane kuwi kehambat karo bahasane pedalangan sing ribet lan rumit kuwi. Terutamane kanca-kancane sing asale seko kutha, amarga kanca-kancane sing saka kutha kuwi awit cilik ora tahu ndelok utawa ningali pementasan wayang. Banjur Mas Nanang kuwi anduweni gagasan supaya dheweke kuwi iso jembatani antarane tradisi pewayagan kuwi karo tradisi sing ana ing perkotaan, supaya wayang kuwi isa dinikmati karo kabeh kalangan.
Banjur Mas Nanang mujudake gagasan kuwi kanthi cara ngemas ulang cerita-cerita sing ana ing pewayangan. Ing pementasan wayang sing dimainke Mas Nanang kuwi pementasan wayange ya diiringi karo seperangkat alat gamelan, ananging di kolaborasi karo alat musik modern, ora mung iku wae, lagu-lagu sing ana ing pementasan wayang kuwi ora mung tembang-tembang wae, ananging uga ana lagu-lagu pop sing nyelingi pementasan wayang kuwi, kadang-kadang wae lagu-lagu sing dilantunke uga ciptaane Mas Nanang dewe.
Mas Nanang uga anggunaake bahasa pewayangan kuwi sing dimangerteni karo khalayak, supaya bisa dimangerteni lan bisa dipahami. Mas Nanang ngemas iku mau kanthi anggunaake pementasan semacam kaya konsep monolog karo diwenehi media ungkap sing akih, salah sijine kaya pertunjukan teater.
Dadi kabeh konsep iku mau, Mas Nanang gawe cerita wayang kuwi digarap lan disampeake kanthi kemasan sing cocok karo kalangan sing ana ing zaman sak iki, supaya khalayak kuwi isa nikmati pementasan kuwi kanthi kepenak lan seneng, uga khalayak kuwi isa ngambil hikmah lan amanat sing ana ing njero pementasan wayang kuwi.  


0 komentar:

Posting Komentar