Geguritan



SUWARA BATINKU

Pancen ora ana sing krungu panjeritku

Apa maneh tangis sing nyelimuti batinku

Sajroning batin iki ngrasa

Yen urip iki wis ora ana guna

Urip iki wis bubrah

Nggladrah lan ora genah

Urip ning donya iki pancen abot

Nanging kudu dilakoni kanthi setiti

Supaya urip ning donya iki

Bisa sampurna lan duweni arti



KANGGO KANCA

Biyen, tanganmu genggem tanganku

Biyen, pundakmu ana kanggo aku

Biyen, guyumu nentremake atiku

Nanging saiki....

Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku

Kanca-kancaku kabeh,bayangna


Apa sejatining kahanan sajroning donya


Yen ora ana welas lan asih


Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih


Ing sakjroning manah atiku


Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku


Kanca lan kancaku


Elinga rasa atiku iki


Jaganen rasaning welas asih iki



KASIH SAYANGE WONG TUWA

Uripku ing donya mung kangge eling marang Gusti Allah

ingkang sampun kirimke bapak lan ibu kangge jaga kula

Lan ngancani kula wektu seneng lan susah

Sing maringi kasih sayang ingkang kathah

Sing ora kenal pegel lan sayah

Maha Kuwasa panjenengan Gusti

Wong tuwa kadya kembang ing taman

Kang taseh mekar makantar-kantar

Matur nuwun Gusti

Ingkang  sampun maringi kula

anugrah kang sampurna



SREMPETAN

Rupamu ayu kaya ratu

Nalika aku ketemu marang sliramu

Awakmu gawe bungah atiku

Dadekake aku tresna marang sliramu

Sliramu cahya ning atiku

Lintang-lintang sing padang kaya atimu madangi atiku

Tingkah lakumu kaya alusing jiwamu

Astomu alus kaya atimu

Mesemu iku sing gawe aku ora bisa turu



RASANING ATI

Geneya aku kudu ngerti kowe

Geneya aku duweni rasa tresna karo kowe

Yen akhire kadadeyane kaya mangkene

Dina-dinaku rumangsa kagubeng dening mendung

Ati iki krasa mati lan suwung

Urip iki rinasa wis tanpa guna

Ati iki isine namung rasa lara lan cuwa

Nalika eling lakumu

Pituturmu lan esem manismu

Dadekake aku ngerindu marang sliramu

Nanging wis tak coba lila

Senajan krasa abot ing dhadha



SKS (Sistem Kebut Sewengi)

Senengane ngende-ende wektu

Ora tau dipikir ngelu

Ora tau digawe nesu

Amarga kuwi pancen perlu

Yen ana tugas

Ora usah digagas

Ora usah dipikirake

Nanging dikerjake

Yen wis wancine

Kabeh tugas kudu dikumpulake

Senajan sirah ngelu, awak lesu

Amarga ora tau turu

Ya kuwi akibate yen ngende-ende wektu

Mulane aja seneng dolanan wektu

Amarga wektu iku

Kaya pedang sing isa gawe tatu awakmu

Gunakake wektumu

Namung kanggo sinau



FACEBOOK

Saben dina padha nongkrongi kowe

Nganti ora ngerti wayah isuk lan sore

Saben ana masalah utawa apa wae

Mesthi mlayune ning kowe

Wong padha ngmongake apa wae

Nanging kowe malah meneng wae

Ora ngamuk ora nesu utawa kepiye

Aku heran karo kowe

Aku ya iri karo kowe

Geneya aku ora isa kayak owe

Nrima prakara apa wae

Kanthi apa anane



SINAU GAMELAN

Gamelan…

Nyinauni kowe pancen angel tenan

Mesthi duwe rasa ngelu ning pikiran

Mesthi gawe judeg pikirku

Amarga saking angile materimu

Nanging ora ana rasa nresula

Amarga aku kepingin isa

Ora ana rasa kecewa lan murka

Amarga wis kadung tresna

Kanthi sinau sing tenanan

Moga-moga wae aku isa dolanan gamelan

Amarga kuwi gegayuhan



KENANGANKU

Mbiyen kowe tak puja puji

Dak tresnani

Kanthi tulusing ati

Mbiyen tau ana rasa tresna

Nanging saiki wis ora ana

Amarga rasa tresna iki wis lunga

Marani wong liya

Aku jaluk ngapura

Yen aku ora tau bisa

Gawe kowe bahagiya

Maturnuwun ya…

Uripku wis mbuk gawe nelangsa



ORA GENAH

Uripku wis bubrah

Wis ora patiya genah

Rumangsa uripku namung diselimuti rasa susah

Ora tau ngrasakake bungah

Uripku pancen slengekan

Nanging duwe sopan lan aturan

Aku ora peduli wong arep ngomong apa wae

Ya pancen iki aku apa anane

Urip ning donya iki aja digawe susah

Amarga bisa marakake sirah pecah

Lan aja digawe ngelu

Amarga marakake ora isa tura

Uripa kaya banyu

Sing mili terus kanti esem lan guyu

0 komentar:

Posting Komentar