Gandamana Luweng



Gandamana yaiku adike Dewi Gandawati, permaisurine Prabu Drupada ana ing kerajaan Cempalaradya (Pancala). Bapake jenenge Prabu Gandabayu, sak wise kakake dadi permaisuri, Gandamana terus diangkat dadi patih ana ing kerjaan Cempalaradya, ananging sak durunge iku, Gandamana tahu dadi Patih ana ing Negeri Astina waktu sing mimpin kerajaan Prabu Pandudewanata.

Waktu kakake Dewi Gandawati nginjek dewasa, Gandamana sing arep milihake jodohe kanggo kakange kuwi. Sak wise dheweke entuk izin saka Bapake, dheweke banjur nganakake sayambara. Sapa wonge sing isa ngalahake Gandamana ing sajroning adu kesaktian, dheweke lah sing isa nyunting kakange Dewi Gandawati dadi istrine.

Akeh Raja lan Pangeran sing melu sayembara kuwi, ananging ana siji sing bisa ngalahake Gandamana yaiku Bambang Sucitra. Akhire Sucitra kuwi dadi bojone kakange yaiku Dewi Gandawati lan dheweke uga dadi pewaris tahta ana ing kerajaan Cempalaradya. Sak wise Prabu Gandabayu wafat, Bambang Sucitra banjur naik tahta dadi Raja ana ing kerajaan Cempala lan anduweni gelar Prabu Drupada.

Gandamana kuwi anduweni sifat jujur, ora kakean omong, patuh karo deduwurane, dheweke gampang ngamuk, kendel,ora wedi karo sapa wae, wonge gagah, gedhe duwur lan anduweni sikap bijaksana.

Nalikane Gandaman jabat dadi Patih ana ing Negeri Astina, dheweke pernah difitnah karo Harya Suman adike Dewi Gendari sing dadi bojone Prabu Destarasta.

Ceritane kuwi ana utusan teka saka Prabu Trembaka (Raja Pringgadani), lan sing nampa utusane kuwi Harya Suman. Maksut utusane Prabu Trembaka nyampeake surat kuwi, ya mung kanggo jalin seduluran karo Prabu Pandudewanata (Raja Astina), amarga Prabu Trembaka mung ketemu karo Harya Suman, banjur Prabu Trembaka ngakon Harya Suman supaya surat kuwi disampeake nyang Prabu Pandudewanata.

Nalikane Patih Gandamana arep ning kerajaan Pringgadani kareben dheweke arep nyegah peperangan antarane karajaan Astina karo Kerajaan Pringgadani, dheweke kuwi kajebak ana ing sajroning luwengan, Harya Suman sing ngerti kajadian kuwi, dheweke ora gelem nulungi, malahan Dheweke lunga karo rombongan prajurit Astina menyang bali ing Negeri Astina.

Sak wise Harya Suman teka ana ing Kerajaan Astina, dheweke laporan Karo Prabu Pandudewanata, ngenani matine Patih Gandamana ana ing sajroning peperangan, Prabu Pandu ya mung manut wae karo omongane Hrya Suman sing ngayawara kuwi, ora mikir suwe, banjur Prabu Pandu kuwi dadeake Harya Suman Patih ana ing Kerajaan Astina.

Sak wise waktu kepunkur suwe, banjur Gandaman isa metu saka luwengan kuwi, dheweke banjur mulih ana ing Negeri Astina. Kabeh wong sing ana ing Kerajaan Astina padha ora nyangka yen Gandaman kuwi iseh urip, sakwise ngaturake panyembah marang Prabu Pandu, ora mikir suwe dheweke banjur nyeret Harya Suman metu saka jroning Kerajaan.

Amarga dheweke ngrasa yen dheweke dihianati, Patih Gandaman banjur ngejur Harya Suman nganti ajur lan cacat seumur hidup, wektu kuwi uga Gandamana angandika : “  sok emben waktu perang Baratayuda, Harya Suman kuwi matine bakalan ngenes. Awake Harya Suman bakalan tercabik-cabik lan ajur, cangkeme sing dikanggoake mung kanggo fitnah lan ngomong tetembungan sing ngayawara kuwi bakalan disuwek dening musuhe.” Sak wise awake ajur lan cacat Harya Suman banjur dijuluki Sengkuni.

Sak wise ngajar Harya Suman entek-entekan, banjur Gandamana nyuwun panembah karo Prabu Pandudewanata, lan dheweke nyuwun pangampunan marang Prabu Pandu amarga tindakane kuwi wis leluwihan lan kebangeten. Ananging Prabu Pandu kuwi malahan ngamuk lan ngusir Gandaman saking Kerajaan Astina. Sak wise ngana banjur Gandamana ngundurake awake dadi Patih ana ing Kerjaan Astina, lan dheweke banjur bali menyang Kerajaan Cempalaradya maneh.

0 komentar:

Posting Komentar