Crita
wayang sing paling digandrungi masyarakat iku lumrahe cerita kang megepokan
karo serial Mahabarata. Sanadyan cerita Ramayana anane luwih dhisik nanging
prayata kanggone wong jawa crita wayang Mahabarata katone luwih digandrungi.
Bab iki kabuktekake kanthi anane paraga wayang utawa gambar wayang kang
dipasang ing saben omah.
Akeh-akehe sing dipasang ingkana paraga cerita
Mahabarata. Kaya mangkono iku nuduhake Manawa kang duwe omah pancen wis tepung
lan nduweni tokoh kaya kang di idolakake iku.
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah
diarani Pandhawa Lima Puntadewa ya Yudhistira minangka putra pambayun, watak
ambeg darma lan nrima ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan.
Raden Werkudara ya Bima sena gedhe dhuwur lan
gagah prakosa kang nomer loro, Raden Janaka ya Kumbang Ali-ali kang kondhang
ngganthenge, prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa,dene Nakula
Sadewa mujudake satriya kembar kang uga duwe watak utama, ambeg darma, lan
luhur bebudene. Wiwit cilik mula wis katon luhuring
budi,seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.
Raden
Puntadewa iku peparab liyane Yudhistira, Dwijakangka, Gunatalikrama, Darmakusuma,
kratone manggon ing Ngamarta utawa Indraprasta. Panjenengane kagungan garwa
Dewi Drupadi putra putrine Raden Drupada, ratu ing Negara Cempala utawa
Pancala.
Werkudara satriya ing Jodipati garwane aran
Dewi Arimbi. Arjuna satriya ing Madukara garwane Dewi Sembadra lan Srikandi.
Nakula Sadewa satriya ing Sawojajar. Cethane Pandhawa lima iku watak lan tindak
tanduke kena kanggo tepa patuladhane para kawula mudha. Apamaneh kadigdayan
lelimane mujudake satriya kang pilih tandhing.
Nalika
dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa wis bisa ngatonake kepinteran lan
keprigelane. Raden Arjuna prigel menthang gandhewa lan trampil migunakake
keris. Raden Werkudara dhasar gagah prakosa kondhang kagungan sanjaya kuku
Pancanaka lan gada rujak pala. Pandhawa katon luwih prigel keimbang murid
liyane. Ewasemana, ora tau lan pancen ora
seneng pamer kadigdayan.Malah watake andhap asor lembah manah lan
ngajeni marang sapepadhane.
Akeh
lelakon kang dilakoni Pandhawa
kasengsaran iku mau dituwuhake saka Kurawa kang kepingin nyirnakake Pandhawa.
Wusanane kabeh kasangsaran iku bisa kasil kabengkas lan kuwat dilakoni. Beda
banget karo Kurawa sing ora kuwat nglakoni.
Pranyata
menawa dideleng ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih kadang, sebab
Pandhawa iku putrane Prabu Pandhudewanata. Sedenge Kurawa iku putrane Prabu
Destrarastra. Prabu Pandhu Dewanata iku kaprenah adhine Prabu Destrarastra.
Apa
sebabe dene ing antarane kadang Pandhawa
lan Kurawa ora bisa rukun? Iki amerga
Dewi Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata nanging kena apa kok
malah diwenehake marang kangmase sing wuta iku ?. Mula banjur nibakake
pangipat-ipat manawa besuk saturun-turunne bakal dadi mungsuh bebuyutan
http://www.kelasjawa.com/2014/08/cerita-wayang-pandawa-lima-silsilah.html
http://www.kelasjawa.com/2014/08/cerita-wayang-pandawa-lima-silsilah.html
0 komentar:
Posting Komentar