Geguritan

KATRESNAN SEJATI

Awanku mrepet
Bengiku peteng ndhedhet
Atiku saya ruwet
Prasasat tanpa rasa
Jagad raya melu nelangsa
Kaya-kaya urip iki tanpa guna
Tresna iki mrekah
Ati iki susah
Raga iki bubrah
Nanging aku lila menapa sliramu isa bungah
Kang daktresnani
Jenengmu kasurat ing sajroning ati
Tresnaku amung sawiji
Tak gawa tekan mati



RAOS TRESNA

Raos tresna
Keneng apa aku nduweni rasa kaya ngene?
Rasa sing ora bisa ilang saka atiku
Rasa sing ora bisa dirasakake karo ilat
Ora bisa dicekel
Ora bisa dideleng
Tapi kok ya kaya ngene rasane
Seneng banget nek ndeleng wong sing tak tresnani
Nek lagi ngrasakake raos tresna kaya ngene
Rasane..
Donya iki mung duweke aku karo kowe
Sing liyane ngontrak wae



KANGEN

Srengenge rembulan ing tengah wengi
kelap-kelip lintang ing alam surgawi
madhangi urip lan mlakumu
pinartika cahyamu
ngilangake rasa kangenku
manuk elang gawa sewu angen-angen
sajroning atiku nyimpen sayuta impian
tresnaku iki namung kangge sliramu
mboten sulaya tresnaku
lan tresnaku iki mboten mamring
marang slirahmu



TRESNA

Tresna kayata rina jagad saka surya
Rasa tresna iku manis kaya gula
Wangine melati mboten sewangi tresna
Abang mrengangah kembang mawar
Kayata atine manungsa ingkang lagi katresnan
Pepatah tresna
Yen tresna kuwi jalaran saka kulina
tresna iku ora nyawang saka bentuke wulan
Nanging ngrasa endahe cahya wulan
Ingkang madhangi saben jangka kihta
Bayu wengi bisikake swara lirih
Yen tresna uga saget ndadosake kita ngrasa urip



INDAHING SLIRAMU
Kowe kaya melati
Sing mekar ning atiku
Kembang tresnamu
Sing nggawe tentrem uripku
Wajahmu kaya rembulan sing elok
Kayata lintang sing kelap – kelip
Cahyaning wajahmu sing madhangi dina-dinaku
Nalika ketemu awakmu
Anggawa awaku kumplayang
Ing langit sab pitu



SWARGANING JAGAT

Lintange sumebyar ing petenge langit
ana siji lintang sing indah
Kang nguwasani pancaranku
Lan slalu tak kunci ing jero atiku
Wajahmu seng elok
Mripatmu sing mblalak
Jangkahmu sing ajek
Ndadekake slirahmu swarganing jagatku
Uripku krasa manis
Kerana slirahmu slalu nyirami cahya tresna
Marang awakku



RAMA

Cahyamu kang sumunar kaya padhange srengenge
Beninge banyu mboten sebening atine
Rama kula tresna dening panjenengan
Katresnanku ngalahake gedhene gunung
Meski panjenengan adoh
Katresnan ku ora bakal pedhot
Semilir angen wates nggugah kangene ati
Kula kangen dening keangetan kasih sayang keluwarga . . . . .
Namung rembulan sing ngancani aku saben wengi



INDAHING RUPA

Sliramu pancen endah
Esemu dadekake ati bungah
Yen weruh
Sapa wae bisa kepanah

Pasuryanmu kang ayu
Dadekake wong padha kepincut marang sliramu
Kepincut saka tingkah lakumu
Saka pituturmu
Uga saka esem manismu

Nanging kabeh iku mau
Namung titipaning gusti
Sing kudu dijaga lan diati-ati


KANCAKU

Sliramu pancen kancaku sing paling apik
Ana yen aku butuh
Yen aku bungah lan trenyuh
Cahyamu mekantar
Madhangi atiku lan wengiku
Sliramu gawe warna ing saben dina-dinaku


Yen aku lagi susah
kowe bisa gawe atiku bungah
Yen aku lagi nelangsa
Kowe bisa gawe aku bahagiya

Ca..
aku namug kepingin siji
aku kepingin terus nyawiji
 nganti tekaning pati



RAMA SING DAK TRESNANI

Rama..
Saben lampahanmu. .
Saestu suraos kangge gesangipun kula
Matur nuwun kangge panjenengan ingkang paringaken dateng kula
Matur nuwun kangge sedaya pangertosipun jenengan
Matur nuwun kangge pesen ingkang panjenengan parengaken
Dados tiyang ingkang sae lan terus ngendika apa anane
Matur nuwun kangge welas asih ingkang panjenengan paringaken
Ingkang ngluwihi jagad raya sak isine
Kula namung saged dongakake panjenengan
Mugiya gusti tansah jaga kesalemetan dateng panjenengan



KARO AKU

Bebarengan  karo sliramu
Mecaki dalan-dalan kang kebak puspa lan warna
Prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
Ora ngerti..
Sedhela banget tekane esuk marani sore
Aku lunga ora bakalan suwe
Apusen luh sing netes ing pipimu
Aku ora kepingin kowe sedih kerana aku
Daksawang netramu
Angel anggonku
Nglalekake sliramu



PAPASAN

Ora sengaja aku weruh sliramu
Ora sengaja aku kenal sliramu
Ora sengaja aku ngerti sekabehing sliramu

Awale aku ora ngerti apa sing tak rasakna
Rasa kuwi teka
Rasa kangen lan rasa suka
Campur dadi siji dadi rasa tresna

Yen wengi ora isa turu
Yen awan ora doyan mangan
Amarga kepikiran

Nalika sepi
Sliramu tansah ngawe-awe ing ati
Aku ora ngerti saiki sliramu ning ngendi
Nanging bakalan tak goleki
Senajan namung ing sajroning ngimpi



ROKOK

Rupamu dawa tur nyeni
Gambarmu sing aneh-aneh gawe aku ngeri
Jarene wong, yen sliramu isa dadekake pati
Nanging aku ora peduli
Amarga anane kowe
Kabeh masalah sedhela padha nyingkir dhewe-dhewe

Kowe tansah ngancani ing saben dinaku
Kowe tansah ana ing sandingku
Nalika sirahku ngelu
Nalika judeg pikirku
Amarga saking akehing tugas-tugasku

0 komentar:

Posting Komentar