Sejarahe Embah Nitidjoyo / Honggodjoyo/ Nggojoyo Canthang Buntung Cikal bakal dumadine desa Pasokan Clering Jepara


a)    Asal Kelahiran

Embah Nitidjoyo biyen lahire seko Mataram ( yen tanggal lan tahun kelahirane Embah, mboten di mangertosi ), Embah teng mataram kuwi nyiaraken agama islam ing zaman walandha. Ananging Embah Nitidjoyo nyiarake agama islam kuwi enthuk hambatan seko walandha, banjur kedadean perang antarane wong – wong londo karo Embah Nitidjoyo, ananging Embah Nitidjoyo kuwalahan karo wong – wong londo kuwi, terus mbah Nitidjoyo mlayu mengetan nganti semarang , tekan pati terus  belok nyanggrah neng Desa pasokan.
Neng desa pasokan kono Embah Nitidjoyo nglanjutake dakwahe, lan neng desa pasokan uga Embah Nitidjoyo di dadekake Demang ( Lurah ) kaliyan penduduk desa pasokan.
Nganti sak iki penduduk pasokan memperingati wafate / khoulipun  Embah Nitidjoyo ing wanci 10 Muharram ( Syura ), teng ngriku penduduk pasokan  nganakake pengajian lan tahlilan sareng - sareng sak kelurahan Clering, khoulipun Embah Nitidjoyo bareng kaliyan Khoulipun Embah Mutamakin Kajen, Pati.

b)     Silsilahe / keturunane embah Nitidjoyo.


Menawi silsilahe embah Nitidjoyo menduwur wallahua’lam, ananging sing di mangerteni namung keturunane embah Nitidjoyo :

Embah Nitidjoyo + isteri ( mboten di mangerteni namine istrinipun) 

Nduweni Putra 2 :
 

1.    Embah Ngodirono + bojo loro ( ora di mangerteni asmane )
Anggadhahi putra kaleh :
•    Kh. Abdussalam
•    Kh. Ali ahmad

2.    Embah lantur + isteri ( ora di mangerteni asmane )
Anggadhahi putra tiga :
•    Embah Siti Sundari, manggon ing gunung leses donorojo
•    Embah Leseh, manggon ana ing pesisir beteng
•    Embah jugil mudho, manggon ana ing Api – api anom / congot, goro – goro manuk ( banyutawa)


c)    Perjuangane Embah Nitidjoyo

Dek zaman semono, nalikane isih zaman walandha, wong – wong padha katindes dening kuwasane wong londo, saking kuwasane wong – wong londo, para penduduk anuruti saben - saben kekarepane wong londho. Yen kekarepane wong – wong londho kok ora dituruti dening  penduduk, penduduk bakalan di siksa lan di perjoyo. Sak nalika iku ana ulama’ seng jenenge Embah Nitidjoyo. Embaha Nitidjoyo uga anduweni kekarepan nyiarake agama islam ing tanah jawi, banjur Embah Nitidjoyo mulai nyiarake agama islam seko mataram, terus lewat  pesisir lor dukuh kenanti ngagel. Ananging Embah Nitidjoyo nyiarake agama islam kui ora mung gampang, leren nglewati tantangan lan hambatan seng ngalang – ngalangi awake dhewe kanggo nyiarake agama islam, salah sijine hambatan kui yaiku wong - wong londho. Zaman mbiyen, rumangsane wong – wong londo kuwi wis merdeka, rumangsane ora ana wong jawa sing wani maneh karo dheweke.
Lajeng wong – wong londo kuwi padha nganakake syukuran ( pesta ), neng kono wong – wong londho pada seneng – seneng, pada jogged – jogedan lan padha foya – foya sak kepenake dhewe, amaraga wong – wong londho wis ngira yen dheweke bakalan iso urip makmur ing tanah jawa lan dheweke uga anduweni pikiran ora bakal ana wong jawa sing bakalan wani karo dheweke. Neng kono wong – wong londho padha seneng – seneng, Senengane wong – wong  londo namung dolanan anglung karo ayon – ayon ( ledek, penari ) di sambi ngombe – ngombe lan foya – foya.
Wong wong londho uga  ora seneng yen Embah Nitidjoyo nyiarake agama islam ing daerah jajahane, amarga wong – wong  londho kui khawatir yen para penduduk kuwi sadar, terus wani merangi dheweke supaya dheweke lungo saka tanah jawi, lan khawatir yen para penduduk kuwi anduweni pikiran kanggo nyembah marang ngarsaning gusti allah.
Saking ora senenge Embah Nitidjoyo karo wong – wong londo seng ora nduweni pikiran lan akal kuwi, seng senengane namung seneng – seneng wae, waktu wong – wong londho padha pesta lan foya – foya, sanalika iku Embah Nitidjoyo banjur  manah ledekke ( penarine )  seko jobo, banjur ledekke kuwi mati, banjur Embah Nitidjoyo di gudak wong – wong londo, ing kono kedadean perang antarane Embah Nitidjoyo karo wong – wong londho, ananging saking hebate wong londho,  banjur Embah Nitidjoyo kuwalahan. Kuwalahane Embah Nitidjoyo karo wong londo amarga wong – wong londho padha gawa pasukan akeh, sak walike, Embah Nitidjoyo namung dhewekan lan ora anduweni konco, lan wong londho uga anduweni senjata Broneng, Embah Nitidjoyo kaliyan keluargane banjur mlayu kesasat – sasat  mengetan tekan semarang, terus tekan pati, terus belok nyanggrah ning desa pasokan kono.
Tekan dukuh pasokan Embah Nitidjoyo ndelik ono ing pucuking gunung – gunung. Ananging wong – wong londho kuwi ora weruh yen Embah Nitidjoyo kuwi ndelik ana ing pucuking gunung.  Ceritane si Embah Nitidjoyo mancik ana ing pucuke gunung loro, sing sikil kiwa mancik ana ing pucuking gunung Bako, sing sikil tengen mancik ana ing pucuking gunung Ragas. Bareng wong – wong londo kuwi weruh yen Embah Nitidjoyo ana ing pucuking gunung, banjur wong – wong londo kuwi nantang Embah Nitidjoyo, banjur wong londho ngakon Embah Nitidjoyo mudun. Saking ora tahane Embah Nitidjoyo karo wong – wong londho sing gumedhe kuwi, banjur  Embah Nitidjoyo mikul gunung sing di anggo ancik – ancik mau, bareng gunung kui di pikul arep di uncalke marang wong – wong londo sing gumedhe kuwi, nanging saking abote gunung kuwi, banjur pikulane kanggo genjong gunung kuwi pedhot.
Gunung sing semulane tempel langsung sak nalika kui pisah dadi loro, sing gunung ragas manggon ana ing sisih kidul lan sing gunung bako ana ing sisih lor, antarane pecahan gunung kui di pisahake deneng kali, banjur kali kui di jenengake kali tempel.
Wong – wong londo sing ngerti kesaktiyane Embah Nitidjaya sing kaya mangkono, banjur wong –wong londo kuwi mlayu kaweden. Terus desa pasokan kuwi dadi ayem tentrem, Embah Nitidjoyo banjur nerusake dakwahe ing desa pasokan kono, suwe – suwe Embah Nitidjoyo anggadhahi murid akeh ing desa pasokan kono, saking akihe muride Embah Nitidjoyo, banjur murid – murid kuwi uga nyiarake agama islam ing daerah – daerah liyane. Lan kuwi dadi cikal bakale dumadine desa pasokan.
Saking suwe – suwene Embah Nitidjoyo kuwi nyanggrah ning desa pasokan,  banjur Embah Nitidjoyo di dadekake demang ( lurah ) kaliyan penduduk desa pasokan, amarga Embah Nitidjoyo sing gawe desa pasokan kuwi dadi ayem tentrem. saben – saben Embah Nitidjoyo arep laporan ing kabupaten jepara, dheweke ora numpak motor utawa mobil, mergake zaman semono isih wang – wang wung – wung lan isih kuna, ananging Embah Nitidjoyo  yen arep moro ning kabupaten  jepara, dheweke kuwi nunggangi boyo putihe ( ingon – ingone embah ), yen wis lebar seko kabupaten jepara, banjur boyone kuwi di eculke ing kalinan, ananging boyo kuwi ora gelem ganggu penduduk sekitare.
 Ceritane dek zaman mbiyen, Embah Nitidoyo kuwi di njalukki noto prancong, kangge mageri desa pasokan kono, lha Embah Nitidjoyo kuwi lajeng mundut pring ing desa Clering, Embah Nitidjoyo sing negor lan nyigari pringe, lah sing penduduk pasokan di kongkon genjongi pringe, lha kuwi sing genjong karo sing negori disik sing negori, padahal astane Embah Nitidjoyo sing tengen kuwi buntung.
Sarehne Embah Nitidoyo dadi demang lan nyanggrah ing desa pasokan, Embah Nitidjoyo wafate nggih teng desa pasokan lan di makamke teng desa pasokan uga.
Ananging penduduk pasokan kuwi ora ngerti yen ning desane kuwi ana makame Embah Nitidjoyo, amarga dek zaman semono roto - roto yen wong – wong pasokan arep neng sawah utawa mluku, ngeculke sapi utawa kebo, angger mblusuk ning cedak makam kuwi yo ra sido mluku, ora weruh, ora ngerti amarga neng kono akeh wit – witane lan alang – alange sing dhuwur – dhuwur.   
Lha teng ngriku ngertine yen Embah Nitidjoyo kuwi wong bener utawa Qodam sing bener, saben – saben jam rolas utawa jam sewelas bengi dino jum’at wage, kuwi ana cemplorot kaya blatre seko ngisor menduwur, yen di amati wong – wong tuwa utawa sesepuhe desa pasokan  ning kono kuwi ana keramat, lajeng penduduk pasokan bareng – bareng ngresiki wit – witan lan alang – alang sing dhuwur kuwi di babati lan di resiki, nyatane ning kono akeh pathok – pathok, terus makam kuwi padha di rupaka lan di rumati penduduk pasokan. Ppenduduk  pasokan gawekke cungkup zaman tahun 1962 ukuran 2 – 4 meter ( cugkup pertama ).
Banjur makam kuwi di rupaka lan di jaga penduduk pasokan, akhire penduduk pasokan dadi slamet lan ayem tentrem. Sak durunge makam kuwi di rupaka, saben – saben ono bayi lahir umur 4 – 5 tahun padha kena penykit, ana sing wetenge mblending, awake ijo lan liya – liyane, banjur mengkana bayi kuwi  terus mati. Banjur masyarakat pasokan kuwi bingung lan susuh pikire. Lajeng penduduk pasokan padha takok karo sesepuhe desa pasokan. Neng kono sesepuhe desa pasokan  ngendika yen bab ngono kuwi ora usah di piker bingung, neng kidul omahmu kuwi alang – alang resikana, banjur alang – alang kuwi di resiki marang penduduk, nyatane ning kono ana pathok – pathok akeh, banjur di gawekke cungkup tahun 1962 mau. Sak wise makam kuwi di rupaka lan di jaga, akhire masyarakat pasokan dadi selamet lan ayem tentrem.
 
d)    Konco seperjuangane Embah Nitidjoyo :

  • Embah Garangan Putih ( Jumeneng ing desa Karangsondo )
  • Embah Glatik Pelong ( Jumeneng ing desa Ketapang sak lore pakis )
Ceritane jumenengan ndaleme Embah Nitidjoyo ing desa pasokan yoiku ing sisih lor wetane makam Embah ( Petilasan omahe embah ).


e)    Babat Desa Pasokan I.
Nalika babad desa pasokan , embah kagungan keremenan ( ingon – ingon ) loro :
1.    Manuk Perkutut.
 

Ceritane nganti sak iki, yen ana manuk mabur ana ing sak dhuwure makame Embah, seolah – olah manuk kuwi ora kuwat mabur, manuk kuwi bakalan mati utawa tiba, nanging yen manuk kui kok isih kuat mabur, berarti manuk kui isih titisane manuke perkutut Embah Nitidjoyo.

2.    Boyo putih / Bajul Putih.
 

Manggon ana ing sisih wetan makame Embah Nitidjoyo ± 300 meter manggon ana ing kali gedhe. Lan boyo putih kui dikalungi duk ( semacam wit aren sing warnane ireng, di plinti ). Ceritane dek zaman semono, nalikane neng desa pasokan iseh ana grenge ( kali cilik ) yen ana wong ingon – ingon wedus, kok di umbar ing pinggir greng kuwi, sanalika wedus kuwi bakalan di saut baya putih iku. Nanging sak iki ceritane boyo putih kuwi wis jarang ngetokake wujude, amarga kaline wis padha cethek. Nanging di yakini para penduduk desa pasokan yen boyo putih kuwi isih urip nganti saiki ing kai gedhe. Lan boyo putih kuwi di yakini ana ing ngisor kretheg kali gedhe.


f)    Babad desa pasokan II
 

Ceritane dek zaman semono, kuncorone mbah Nitidjoyo keprungu ing Kanjeng Adipati Pati karo Adipati Jepara. Neng kono adipati pati karo adipati jeporo loro k dheweuwi padha kepengen ngrebut wates desa pasokan, banjur  adipati jepara lan adipati pati padha perang dhewe – dhewe mung gara – gara ngrebutke wates desa jepara lan pati. Banjur adipati pati lan adipati jepara padha gowo bala tentarane dewe – dewe sing arep disiapke kanggo perang ngrebutke wates desa kuwi.
Banjur Embah Nitidjoyo keprungu winastan iku mau, ora ngenteni suwe –suwe, banjur Embah Nitidjoyo langsung numpak boyo putihe mau. Dheweke arep nyetop adipati pati karo adipati jeporo supaya ora kadadean perang. Banjur Embah Nitidjoyo nyetop  adipati pati ing sisih wetan puncel ( Ngenti ), sing adipati jepara di setop ing desa ujung watu ( Tawar ).
 Banjur Kanjeng adipati pati lan adipati jepara di ketemukake mbah Nitidjoyo ana ing kali pasokan. Ing kono adipati loro kui di ajak rerembugan sing apik – apik ngenani wates desa jepara karo pati. Banjur di putuske lan di sepakati akhire desa pasokan kuwi dadi batese desa jepara lan pati, nanging desa pasokan kuwi isih melu kabupaten jepara.


g)    Kesaktiane Embah Nitidjoyo

Ndek zaman semono nalikane wong – wong sekitar pasokan lan puncel anduweni kekarepan arep negor jrakah, wong – wong kuwi padha kebingungan, amarga saking angile tegorane jrakah kuwi lan wong – wong kui pada ora kuat negor jrakah kui. Banjur Embah Nitidjoyo teko lan arep ngrewangi para penduduk kuwi kanggo negor jrakah kuwi. Banjur Embah Nitidjoyo narik tali sing wis ketali ana ing wit jrakah mau, banjur wit jrakah sing gedhe sanget kuwi ruboh ana ing kali gedhe, banjur wit jrakah kuwi dadi jrakah bongke. Meski dhewekan ngrebukake wit jrakah kuwi, amarga Embah Nitidjoyo duwe kesakten pusaka Galih timongso mulane dheweke kuwat ngebrukake wit sing sak mono gedhene.
Ceritane Embah Lantur putrane Embah Nitidjoyo kepingin anduweni pusaka Galih timongso kuwi. Banjur dheweke langsung lunga saka ngomah, dheweke arep nemoni Embah Nitidjoyo lan arep ngrebut pusakane Embah. Nalika iku  Embah Nitidoyo lagi topo ana ing gunung Bako lan di jaga ula gedhe, Embah Nitidjoyo ketemu wong tuwa sing ora di kenali, jebul wong kuwi yoiku Embah lantur sing lagi nyamar, ananging mbah Nitidjoyo ngerti yen sing nyamar kui mbah Lantur, terus kedadean perang antarane Embah Nitidjoyo kaliyan Embah Lantur, ananging sing maju disik yoiku ula sing jaga Embah Niyidjoyo, sak wise ula iku mau kalah karo Embah lantur, banjur Embah maju ngadepi Embah Lantur. Banjur mbah Nitidjoyo ancik – ancik gunung, ananging watu sing di anggo ancik – ancik mbah Nitidjoyo kui nglorok, watu sing nglorok kui banjur dadi sawah watu. Perange Embah Nitidjoyo kaliyan Embah Lantur ( putrane ) kuwi awit jam 9 bengi nganti  jam 9 esuk, nganti srengenge nyinar, banjur mbah Lantur kalah. Banjur Embah Nitidjoyo ngendika karo Embah lantur :
“ kowe aja ngasik wani – wani jupuk pusaka iki saka tanganku, amarga pusaka iki banget ampuhe, aku khawatir yen kowe mengko dadi kleru anggunakake pusaka iki.” Sak wise ngendika ngunu banjur Embah Lantur di kongkon lunga saka desa pasokan, banjur dheweke  nyanggrah ana ing desa Wetan kali lan Embah Lantur di paringi lan di kongkon jaga ingon – ingone embah Nitidjoyo yaiku baya putihe.
Terus pusakane Embah Nitdjoyo galih timongso kui di titipake Embah Topeng, supaya ora di gawe rerebutan putra - putrane yoiku mbah Lantur lan mbah Ngodirono. Lajeng mbah Nitidjoyo ngendika karo Embah topeng:
“ Nganti mbesuk pusaka iku duweke titisane Embah. Suwuna karo mbah topeng
sing di jaga ula gedhe ana ing guwa Gunung Bako.”
Sak wise Embah Nitidjoyo ngendika ngono, banjur Embah lantur njaluk pangapura nyang Embah Nitidjoyo ngenani kelakuane sing kaya ngono kuwi, terus Embah Lantur numpaki baya putih awihe Embah Nitidjoyo kuwi banjur ninggalake si Embah Nitidjoyo. Embah Lantur banjur lunga lan ngembara ning ngendi-ngendi banjur dheweke nyanggrah ana ing desa wetan kali, sak durunge tekan desa Wetan Kali, ing desa Wetan kali kana ana Wong-wong londho sing padha ngluru Embah Lantur, wong-wong landha padha takon ana ing ngendi si Embah Lantur, banjur  masyarakat mung mangsuli yen Embah lantur kuwi lagi ana ing Desa Pasokan. Banjur wong londho padha nyegat Embah Lantur ana ing Desa Wetan kali.  Ora kepungkur suwe ing kono Embah Lantur ketemu karo wong londo sing padha lagi nganiyaya penduduk, dheweke banjur nantang wong londo, terus kedadean perang antarane Embah Lantur karo wong londo, perange ana ing kali gedhe, Embah Lantur ditembaki karo wong-wong londho sing padha gumedhe, ing peperangan kana kuwi Embah Lantur kena Tembak astane karo wong londo, anging Embah Lantur ora nyerah ngana wae, amarga dheweke pengen ngusir wong londo kuwi saka desa kana, lan saking saktine Embah Lantur banjur wong londo kuwi iso dikalahke, amarga dheweke uga perange direwangi baya putihe kuwi, sak wise wong londo padha mati banjur Embah Lantur kuwi nyanggrah ana ing desa wetan kali. Saking suwene Embah Lantur nyanggrah ana ing desa wetan kali, dheweke banjur mulih maneh nyang desa pasokan, amarga dheweke ora lali nyang Embah Nitidjaya sing wis gedheake dheweke, dheweke lunga nyang desa pasokan nunggangi baya putihe kuwi lewat kali gedhe, bareng wis tekan ngomah kana Embah Lantur lan Embah Nitidjoyo padha gumujeng lan guneman. Bareng ngana Embah Lantur nyanggrah ing desa pasoka  maneh, ning kana dheweke ngedekake pesantren, supaya penduduk sekitar kuwi padha pinter lan ora ling lung. Sak bare ngedekake pesantren kuwi murid-muride Embah lantur kuwi saya akeh lan saya akeh, Embah Nitidjaya seneng sanget weruh tindakane Embah lantur sing mulya kuwi, Banjur Embah Lantur dinikahake Embah Nitidjaya karo penduduk sekitar kana, lan Embah Nitidjaya uga dadiake Embah Lantur  Demang (Lurah) ana ing desa pasokan, ganteni Embah Nitidjoyo.


h)    Pusakane Embah Nitidjoyo

  •     Pusaka Sombro.
  • Pusaka Tombak ( Kh. Ali ahmad, Ngagel )
  • Pusak Galih Timongso

0 komentar:

Posting Komentar