Parikan



1. Sugeng ndaluu denmas diajengg... Lomba mlayu, tekan ngarep gerbang... Paras ayu, tapi mlakune ngambang.

2. Bulek Tin ngundang sukuran, aku ra teko polahe cacar. Valentine malah kepikiran, solae aku rung duwe pacar.

3. Wit Klopo kuwi arane Glugu, Disigari diporo dadi pitu. Saben dino aku ora bisa turu, Kangen sopo, ora jelas ning atiku.

4. Jajan sekoteng, no prapatan karang ayu.. Opo artine ngganteng, nek ora payu-payu.

5. Sing abang wae akeh, sing ijo-ijo kok di unduhi, sing prawan wae akeh, sind duwe bojo kok dirusuhi.

6. Kembang mawar warnane abang, langit warane biru. Rasane nganti saliwang, nurut karepe atimu.

7. Tugu yogya lampu bangjo. Urip wis mulya gari golek bojo.

8. Lungo Indramayu karo mlayu-mlayu.. Jarene ayu tapi kok rak payu-payu.

9. Ijone sawah disawang karo mlaku.. Tresna mu koyo hadiah, syarat dan ketentuan berlaku..

10. Nang stasiun Tawang njogo toko. Pisang molen nggo tombo ngelih. Isaku nyawang lewat poto. Rasane kangen kudu ndang mulih :)

11. Tuku susu tekan sarkem, iki wis wengi su, ayo ndang merem!

12. Ngombe jamu jamune bratawali, esem mu cen nggawe awakku lupa diri..

13. Macan mati ninggalake kulit. Lampune mati mbok wedhok jerat-jerit

14. Menyang malioboro tuku keris, pengen bojo londho tapi aku gak isoh boso enggres.

15. Numpak sekuter nganggo sepatu hak.. Awakku gemeter nyawang brengose bapakmu di Mohawk. -

16. temanggung udane deres ndhuwur diambung ngisore teles..

17. Marcopolo Bartolomeu Dias.. Masio jomblo ojo sampek ngombe potas..

18. David trezeguet Bambang pamungkas.. Yen pengen pacaran awet, bar malem minggon pacarmu lebokno kulkas..

19. Ngombe jamu, marakke lemu.. Tresnaku marang sliramu, kealang brengos'e bapakmu.

20. Sambel pete cocolan tahu. Tahu susur cacahe loro. Jane rupaku karo Sule yo isih bagus aku. Neng kok angel men yo golek bojo?

21. Wiji duren arane pongge. Dibubur enak rasane. Lanangan/wedokan keren akeh tunggale. Sing jujur angel golekane.

22. Iwak lele neng njero wajan. Kok angele sak iki golek prawan..

23. Preman gianyar ngelmu kanuragan. Perhatian! Mantanku wis duwe pacar anyar! Sekian.

24. nyuwek dluwang nganggo lading, iso nyawang ning raiso nyanding.

25. Budal ngetan tuku boto,ora lali tuku kloso. Golek bojo sing iso dijak urip soro, sakwayah2 iso dikon nyithak boto

http://nganuanu.blogspot.com/2013/02/kumpulan-parikan-jawa.html

0 komentar:

Posting Komentar