Sinopsis Novel Garuda Putih, Pinesthi, Tretes Tintrim



Judul Novel                 : Garuda Putih
Panyerat                      : Suparto Brata
Penerbit                       : Narasi
Taun terbit                   : 2009
Jumlah halaman           : 148 halaman

a.       Ringkesan

Ing Novel Garuda Putih kuwi nyeritaake durjana sing kondhang ana ing Surabaya. Akeh kadurjanan sing wis dilakokake. Nanging angel banget yen dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dheweke tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan.

Kadurjanan sing kari dewe sing wis dilakokake dening Garuda Putih yaiku kasuse Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Para polisi padha gregeten marang tingkahe si Garuda Putih kuwi.
Kasus kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh kadurjanan  dening Garuda Putih sing kasil mrejaya wong selingkuh ana ing Hotel Tretes sing jenenge Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel.

Abisuna yaiku salah sawijining pejabat pamrentah sing lagi entuk tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep lunga saprelu tugas kepara seminggu, ananging malah nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu wong liya. Ananging bojone Abisuna wis ngongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep ning hotel kono kanthi saprelu ngawat-awati Abisuna.

Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.

Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang pinter anggone mbedhah perkara-perkara kadurjanan.

Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku ponakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih kuwi liwat Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu.

Ananging kuwi mau namung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.

b.      Gambaran umum ngenani Novel Garuda Putih

Gambaran umum cerita sing ana ing njero Novel Garuda Putih kuwi isine namung ngenani kasus-kasus kadurjanan sing dilakokake dening Garuda Putih kang gawe budreg pikirane polisi. Yen wektu polisi lagi arep nindhak lanjuti kasus sing digawe Garuda Putih, hurung nyampe kasus kuwi iku lebar muncul maneh kasus anyar teka. Amarga yen Garuda Putih nindakake kadurjana kuwi mesthine ora ana polisi sing bisa nangkap dheweke, amarga dheweke anduweni pikiran sing pinter lan cerdik. Banjur kasus-kasus sing digawe dening Garuda Putih iku mau diselidiki dening detektip kang kondang yaiku Detektip Handaka. Sak wise kasus-kasus iku mau diselidiki dening Detektip Handaka, kasus-kasus iku mau bisa lebar, ananging Detektip Handaka ora bisa nyekel Garuda Putih amarga dheweke ora nduweni bukti-bukti sing kuwat kanggo nyekel Garuda Putih.

c.       Pambiji ngenani Novel Garuda Putih

Miturutku saking Novel Garuda Putih kuwi basa sing digunakake iku gampang lan isa dimangerteni dening sing maca, amarga basa sing digunakake kuwi padha karo basa sedina-dinane. Nangin basa sing digunakake kuwi ya ana basane sing ora patut kanggo dadi tiruan, kaya ta “Edan, kowe, ya!, “ Lunga! Bangsat, ki!” “selehna! Ben neng kono! Jancuk, ki!” (hal: 7), lan liya-liyane. Basane uga miturutku dilukiske kanthi imajinasi sing apik, seolah-olah sing maca kuwi isa ngerasakke suasana sing ana ing kedadean njero novel kuwi, dadine ora gawe bosene sing maca, basane uga disisipi basa sing ngandung majas kaya ta, “mbendarani banget! Ngresepake tenan! Wiss! Elok tenan!” (hal: 21). Ning ukara kuwi pengarang kuwi seolah-olah numpahake pikirane lewat tokoh Bagus Pramutih nggambarake tokoh Emi nganggo cara lan basa sing banget leluwihan. Ana maneh kaya mengkene ukarane, “dedege lencir, cothange dawa nggangsir, kulite kuning kulit nglangsep, lengene mrusuh, payudarane menthek, gulune ngolan-olan, raine lonjong endhog, poladane sumeh merak ati, alise rembulan tanggal sepisan, mripate lindri-lindri penyawange ndamar kanginan..!” (hal: 21). Ning kono tokoh si Jongos seolah-olah gambarake Tokoh si Emi kanthi nganggo basa sing madakake pawakane si Emi karo benda-benda. Suasana ing novel kuwi uga digawe seolah-olah kuwi nyata lan dadeake sing maca kuwi bisa ngrasakke, kaya ta ukara iki, “Hawa pegunungan esuk kuwi pancen seger. Wayah ketiga, srengenge esuk mencorong, ewadene isih akeh pedhut nggameng neng ngisor wit-witan. Hawane adhem kekes. Ing sela-selane omah-omah edi, gedhong-gedhong kang dienggo hotel, akeh taman-taman kembang kan maneka warna-warnane. Ngresepake pendeleng.” (hal: 23). Kutipan kuwi seolah-olah gambarake kadadeyan wektu isuk ana ing hotel Argadalu sing dadi latar ana ing Novel Garuda Putih. Crita lan alur sing ana ing novel uga runtut lan ora gawe bingung sing maca, dadine sing maca kuwi bisa mahami lan mangerteni apa sing ana ing njero novel kuwi.

Judul                           : Pinesthi
Panyerat                      : R. Ngt. Suisdiyati Sarmo
Penerbit                       : Azzagrafika
Taun terbit                   : 2013
Jumlah halaman           : 68 halaman

a.       Ringkesan

Ana bocah sing jenenge Tanti, bocah kuwi katon sumringah ana ing sekolahane. Wajahe ayu lan pawakane lencir dadeake kanca-kancane padha seneng. Dheweke uga pinter, dadeake guru-gurune padha kagum karo dheweke. Ngancik ujian sekolah, guru-guru nganakake kegiatan  kelompok belajar, Tanti entuk sak kelompok karo Pak Kusna lan Hartono. Ing dina iku cah telu ngrencanaake sinau bareng ngenani pelajaran itung ana ing omahe Hartono. Bareng kelompok iku mlaku lancar, sing asale ora ngerti saiki banjur ngerti lan dong. Kira-kira jam loro awan Tanti isih ana ing omah, ditimbali ibune lan didangu ngenani olehe sinau kelompok. Sak wise didangu, banjur Tanti mangkat sekolah, tekan sekolahan Tanti telat nalikane pelajaran Bahasa Indonesia. Sak wise bubar sekolah, kira-kira jam setengah wolu, Tanti dieterake Pak Kusna bali menyang omahe awit wis wengi.

Bengine Tanti ora bisa turu, amarga dheweke tansah kelingan karo Pak Marya sing ngerindu ana ing ati. Dheweke uga kelingan marang Pak Kusna, yen dheweke ana ing cedhake Pak Kusna, rasaning atine Tanti tansah ayem lan tentrem. Ora krasa panglamune iku mau nganti srengenge jumedhul. Banjur Tanti tangi di tangekake dening ibune dikongkon adus lan sarapan sing wus kacepak ana ing meja. Sak wise iku mau, wetara jam setengah loro dheweke banjur mangkat sekolah ngontel bareng karo Pak Kusna. Ana ing pratelon cah loro kuwi ketemu karo Pak Marya, ananging lakune Pak Marya kuwi radha sengit karo wong loro kuwi, ananging Tanti lan Pak Kusna ngadepi iku mau kanthi biasa wae.

Ora krasa srawunge srawune Tanti lan Pak Kusna saya raket, saben dina dheweke mesthi ngampiri lan ngeterake mulih. Nalika arep mulih saka sekolahan udan sangsaya deres, nanging Tanti karo Pak Kusna nekad wae, amarga selak kesoren. Udan saya suwe saya deres, banjur wong loro kuwi ngiyup ana ing pom bensin. Awake Tanti tansah kepepet-pepet dening Pak Kusna amarga sing ngiyup wong akih. Gang sadelo banjur udan terang lan wong loro kuwi banjur mulih. Tekan omah tTanti langsung adus, sabibare adus Tanti langsung mapan ana ing kamar, dheweke tansah kelingan wektu cah loro kuwi ana ing pom bensin. Wektu liburan teka, Pak Kusna, Tanti lan kanca-kancane padha liburan ana ing Clereng, ning kana padha mlaku-mlaku lan blanja. Saya suwe wektu saya sore, banjur Tanti lan kanca-kancane padha mulih, tekan omah Tanti langsung mapan wae ana ing kamar amarga banget kesele. Esuke kuwi ibune Tanti teka saka brebes tilik mbakyune. Tanti mung takon piye kabare keluargane sing ana ning kana. Ora krasa wis awan, banjur Tanti mangkat sekolah dhewean ora dikancani pak Kusana kaya adat saben dinane.

Sajane atine Tanti bingung wis sawethara wektu dikongkon golek bojo dening bapakne. Pamentrahe bapakne yen golek bojo aja wong ndesa, pikirane Tanti tansah ruwet. Anggepane yen Pak Kusna kuwi ora dadi criteria bapakne. Kadadeyan iku mau tansah dadi panggalihe atine, naganti-nganti dheweke lara lan ora mangkat sekolah. Telung dinane Pak Kusna tilik Tanti ana ing rumah sakitsinambi gawa rambutan. Ning kana Pak Kusna tansah ngajab-ajab supaya Tanti enggal waras, banjur Tanti kandha apa sing dadi panggalihe karo pak Kusna, nanging Pak Kusna namung kandha yen babagan iku mau ra usah dipenggalih. Wektu saya suwe saya awan, arep mulih saka rumah sakit ananging Pak Kusna aras-arasen, panggalihe  senajan aku ki seneng karo Tanti nanging aku durung wani ngungkapake.

Wis limang dina Tanti ana ing rumah sakit, banjur dheweke mulih becak tekan Gowongan. Telung dina Bu Hadi ning omahe kukut-kukut arep pindah ning kidul Negaraamrga dheweke diangkat dadi guru, dene Tanti ngekos ana ing cedak omahe bapakne. Nalika Tanti teka saka sekolahan, dheweke entuk kabar saka Bu Kartinah (ibu angkate) yen bapake lagi gerah banget. Banjur bapakne digawa nyang rumah sakit Pugeran dieterake dening Pak Kusna. Ning rumah sakit bapakne langsung diperiksa dening dokter, dene Tanti mung nangis wae. Tanti dieneng-eneng karo Pak Kusna lan diwenehi tembung memanis supaya dheweke ora nangis wae. Wengi kuwi kira-kira jam sewelas bengi Tanti turu ana ing sacedake Pak Kusna. Pak Kusna namung nyawang Tanti sing melasi banget. Isuk kuwi cah loro lunga padha ngabari Bu Hadi babgan larane bapakne, sak wise ngabari bajur wong loro kuwi padha mulih ana ing omahe dhewe-dhewe.

Ora suwe limang dina bapakne ana ing rumah sakit, banjur bapakne bisa digawa mulih, bapakne saya suwe saya sehat lan enggal waras.banjur bapakne eling rembugane karo Tanti ngenani jejodohan. Ananging Tanti sumaur yen dheweke hurung siap, atine Tanti saya bingung lan mumet ngrasake masalah-masalah sing diadepi.

Dina sateruse lumaku kaya biyasane, ing wanci wulan Mei bapakne lara maneh, sing ngrumati ya namung Tanti, ngalor ngidul nganti tiba tangi. Ing wanci sore, kaya adat saben dinane, Tanti ngajak cerita karo bapakne sinambi ngarasi sirah, tangan lan sikile sing ngrasa anyep. Banjur Tanti ngundang suster, sak wise suster kuwi mreksa bapakne, suster kuwi mau kandha yen bapakne kuwi wis sedha. Tanti kaget banget banjur dheweke semaput. Tangi-tangi dheweke wis dipangku dening ibune, banjur dheweke tilik bapakne sing wis selimutan kain putih, ning kana dheweke dedongakake bapakne. Banjur bapakne kuwi di makamake ana ing Blunyah Gedhe.

Nganti pirang-pirang dina panggalihe Tanti saya ndadi yen ling marang bapakne, nganti ora krasa Pak Kusna lungguh ana ing sacedake dheweke. Banjur dheweke diajak mlebu nyang ruang tamu, ning kana Pak Kusna ngungkapake rasaning atine sing wis suwe kapendem, dene Tanti namung manthuk wae ngrungokake pangandikane Pak Kusna. Panggalihe campur dadi siji, ya isin ya seneng uga. Pak Kusna uga kandha yen dheweke bakalan nglamar Tanti, Bu Hadi keprungu iku mau namung nyetujoni wae, atine Tanti Tansah saya seneng.

Kacarita Tanti wis dadi tunangane Pak Kusna, wong loro kuwi padha nganggo ali-ali sing an tulisane jenenge wong loro kuwi. Rong wulan suwene banjur wong loro kuwi diajak rerembugan karo Bu Hadi ngenani olehe mantu. Sing arep dadi mantune kuwi pakdhene, sebabe ora duweni putra, dene syarat ijab iku mau Tanti kudu ana ing omahe pakdhene telung sasi suwene. Wong loro kuwi kaget banget lan mung pasrah wae.

Esuke kuwi Pak Kusna lan Tanti arep ningali petilasane Pangeran Diponegara, banjur wong loro kuwi pamitan karo ibune. Tekan kana wong loro kuwi padha seneng-seneng lan guneman ngenani bab kasetyane dhewe-dhewe. Ora krasa wektu saya suwe, banjur wong loro kuwi padha mulih, tekan omah wis dienteni ibune ning tersan. Banjur wong loro kuwi diajak rerembugan karo ibune bab olehe Tanti lunga ana ing omahe pakdhene lan wong loro kuwi uga guneman ngenani kasetyaan siji lan sijine.

Ing daleme pakdhe lan budhene, Tanti tansah mikir kangene karo Pak Kusna lan ibune. Banjur Tanti kuwi dikongkon bomah turu dening budhene amarga wis wengi. Dina lan dina wus dilampahi saya cedak anggone ijab. Kacitra pener jam siji Tanti lan Pak Kusna diijabake, dene cah loro kuwi  saiki wis sah anggone dadi pasangan sing nyawiji. Saya wengi saya sepi, sedulure padha wis turu, dene cah loro kuwi isis padha ketap-ketip ana ing kamar. Suwe-suwe gunemane wong loro kuwi padha ora keprungu, sing keprungu namung unining walang lan kewan-kewan sing metu wayah wengi.


b.      Gambran umum ngenani Novel Pinesthi

Gambaran umum ngenani isi Novel Pinesthi yaiku babagan katresnan, kasetyan, lan pengabdian. Katresnan kuwi dilampahi dening Tanti lan Pak Kusna, pancen bener yen tresna kuwi jalaran saka kulina, ya kuwi mungkin sing pas kanggo gambarake lelampahane katresnane Tanti lan Pak kusna. Ananging lelampahane katresnane wong loro kuwi ora gampang, akeh nglewati masalah- masalah sing diadepi, nanging kabeh masalah iku mau diadepi kanthi sabar, pasrah lan padha prasetya. Saka prasetya kuwi wong loro akhire isa nikmati apa sing wus dadi kekarepane wong loro kuwi.
Ing novel iki ora mung nyeritaake bab katresnan, ananging uga nyaritaake babagan pengabdiane anak marang wong tuwa. Pengabdiane Tanti marang pak Hadi diceritaake wektu pak Hadi entuk musibah gerah sing banget. Tanti tansah tlaten banget anggene ngrumati bapake kuwi, nganti-nganti awake dhewe kuwi ora dipikir, amarga saking peduline anak marang wong tuwa. Ya tindak laku sing kaya mengkono sing mesthi ditiru dening anak zaman saiki sing peduli marang wong tuwane.

c.       Pambiji ngenani Novel Pinesthi

Miturutku, basa sing ana ing jero Novel kuwi isih nggunaake basa campuran antarane ngoko karo basa Indonesia, kaya ta ukara iki, “ Pak Kus, aja kerep-kerep ngancani aku, lho mundhak mengundang masalah” (hal. 3), iku mau salah sijine tembung sing nggunakake basa campuran. Basane uga gampang dimangerteni lan uga gampang diterima, dadine sing maca kuwi ora dadeake bosen. Ceritane uga digawe simpel lan ora neka-neka. Ning novel kuwi uga suasane digawe kanthi nganggo basa sing imajinatif, dadine sing maca kuwi seolah olah isa ngresaake suasana sing ana ing jero novel, sing maca uga isa ngrasake apa sing dirasaake dening tokoh-tokoh sing ana ing jero novel kuwi.  Sudut pandang sing digawe ana ing Novel Pinesthi yaiku sudut pandan pertama.
  
Alur ceritane uga runtut lan ora gawe sing maca kuwi bingung. Dadine sing maca kuwi bisa mahami pesan-pesan sing ana ing jero novel kuwi. Sing tak pahami ngenani pesan-pesan sing ana ing jero 
 novel kuwi antarane :

Ø  Katresnan kuwi bakal ora awujud yen ora anane kasetyan.
Ø  Yen dadi anak kuwi sak orane kudu anduweni rasa tanggung jawab marang wong tuwa sing wis ngrumati awake dhewe wiwit cilik nganti gedhe.
Iku mau antarane pesen-pesen sing isa tak jimuk saka Novel  Pinesthi.



Judul                           : Tretes Tintrim
Panyerat                      : Suparto Brata
Penerbit                       : Narasi
Taun terbit                   : 2009
Jumlah halaman           : 148 halaman
 

a.          Ringkesan

Diceritaake Kuswahartaka ngalami kadadeyan perampokan ana ing omahe ning daerah Lurung Kurantil Semarang. Barang sing dijukuk dening perampok yaiku duwek 2jt, sak durunge rampok kuwi mau njukuk barang-barange Kuswahartaka, rampok kuwi mau padha nyiksa Kuswahartaka ndisek. Sak wise para rampok padha lunga, Kuswahartaka kepingin banget nyekel para rampok sing wis ngrampok omahe kuwi, banjur dheweke njaluk tulung marang Detektip Gambira kanggo nyelidiki kasus perampokan omahe kuwi. Saka asil penyelidikane kuwi, banjur dimangeteni yen sing ngrampok kuwi jenenge Durmala, lan dheweke kuwi lagi ndelik ana ing Tretes, Jawa Timur.

Saka sarane ponakane Marwan, terus Kuswahartaka njaluk tulung karo Detektip Handaka sing asale saka Solo. Saka asil penyelidikane Detektip Gambira sak durunge, banjur Handaka gelem ngiwangi dheweke lan mangkat nyang Tretes guna ngiwangi Detektip Gambira anggone nyekel Durmala.

Tekan ning Tretes, Detektip Gambira nyamar dadi wartawan Suara Merdeka sing lagi luru berita ning hotel Larasing Paraden. Ning hotel, Gambira ketemu karo Muchtarum pengusaha sing sugih saka Jakarta. Ing dina iku uga para tamu akih sing padha teka ana ing hotel, kaya ta pegawai DPU saka Semarang, yaiku Suradenta, Yusmanan, dan Martinus. Banjur ana teka maneh wong wedok ayu sing jenenge Waratinah saka Surabaya. Wong telu sing ngaku-ngaku dadi pegawai DPU kuwi jebul-jebul polisi sing lagi nyamar anggone nggoleki Durmala.

Ning hotel Waratinah dadi akrab banget karo Muchtarum, yen are ning endi-endi wong loro kuwi tansah bebarengan. Terus akhire Martinus kuwi nemokake surate Martinah sing ditulis kanggo Durmala, para polisi padha kaget lan padha nyelidiki Waratinah kuwi sing nyurigai gerak-gerikke. Anehe Waratinah kuwi ya wis ngerti yen para polisi kuwi lagi padha luru Darmala.

Banjur polisi telu iku mau terus-terusan ngawasi gerak-gerike Waratinah, ananging kelakuwane polisi telu kuwi mau kadadeyan bocor amarga Mahendra sing duwe hotel kuwi dituduh sekongkol karo Waratinah. Seliyane Mahendra, Detekip Gambira uga ngerti yen sing nyamar dadi pegawai DPU kuwi mau ora liya ya polisi.

Sak wise Waratinah ora bebarengan maneh karo Muchtarum, dheweke meneng-meneng banjur mlebu kamare Gambira sing lagi adus. Sak wise Gambira wis lebar aduse, dheweke weruh yen Waratinah lagi ngacak-ngacak kamare, dheweke banjur arep merkosa Waratinah, ananging usahane iku mau gagal.

Akhire Waratinah bisa metu saka kamare Gambira lan dheweke ketemu karo Muchtarum, wektu iku Muchtarum awake lagi pucet banget, banjur Waratinah nulungi Muchtarum diajak ana ing kamare Muchtarum. Sak wise tekan kamar, Muchtarum isish wae awake pucet lan ra isa ngomong apa-apa, banjur Waratinah luru sebabe geneya kok Muchtarum manakana, dheweke nemokake lembaran kertas saka Darmala sing isine ancaman kanggo Muchtarum, Muchtarum dikongkon nyerahake duwek 2,5 jt.

Ning jero surat kuwi disebutake yen panggonane kanggo ketemu yaiku ana ing Kuburane Mbah Jaga cerak panggonan pemandian. Waratinah banjur nekat lunga mrana senajan wektu iku wis surup lan meh wengi. Dhewek ngliwati suketan sing dhuwur-dhuwur, amarga dheweke krasa yen dheweeke lagi ditututi wong. Ning kuburan kuwi ana guwa, ning njero guwa kono Wratinah nemokake mayit, Waratinah kaget banget lan dheweke banjur dicekel dening Suradenta lan kanca-kancane amarga dheweke dicurigai dadi pelakune. Sak wise tekan hotel, Mahendra uga dicekel amarga dheweke dituduh yen dheweke kuwi sekongkol karo Waratinah.

Ning hotel Larasing Paraden, suasane banget sepine, sing ana mung Muchtarum wae. Dheweke akhire sadar sak wise dheweke weruh mayat sing ana ing jero guwa cedak kuburan mau. Muchtarum kaget yen dheweke kuwi lagi ditodong peso dening Darmala, amarga Muchtarum sing wis suwe diincer dening Durmala. Untunge wae ana Handaka sing cekatan langsung nyekel Darmal sing lagi nyandra Muchtarum.

Bubar iku mau, banjur Handaka nyeritaake prakara sing samesthine, yen Durmala kuwi yaiku wong sing ngaku-ngaku dadi Gambira. Gambira sing asli dhewe kuwi wis dadi mayat sing ditemokake ana ing guwa mau. Waratinah sabenere ora kancane Durmala, ananging dheweke mung dijaluki tulung dening Handaka kanggo ngiwangi dheweke, uga surat sing ditulis Wartinah kuwi mau mung akal-akalne Handaka wae.


b.      Gambaran umum ngenani Novel Tretes Tintrim

Gambaran umume ngenani isi Novel Tretes Tintrim yaiku ngenani kadadeyan perampokan ning omahe kuswahartaka ning daerah Semarang. Kuswahartaka kuwi njaluk tulung marang Detektip Handaka lan Detektip Gambira kanggo nyelesake masalah kuwi. Sak wise kadaeyan kuwi mau ditelususri dening detektip Gambira, perampok kuwi mau dimangerteni jenenge Durmala sing lagi manggon ana ing daerah Tretes.
Ning Novel Tretes Trintim kuwi uga nyaritaake kadadeyan opo wae sing ana ing hotel daerah Tretes kuwi. Miturut petunjuk sadurunge wis dimangerteni yen ning hotel kana kuwi ana sasarane Durmala sing sateruse. Ning hotel kana kuwi uga akeh tamu sing padha nginep ana ing hotel. Sing nginep ana ing hotel antarane yaiku polisi telu, wartawan, lan wong wadon ayu sing misterius. Nalika wong-wong kuwi padha ana ing hotel kuwi, akeh kejadian aneh lan janggal sing dadeake kabeh wong kuwi padha bingung lan kaweden. Nanging akhire kabeh kadadeyan-kadadeyan iku mau isa diungkap kabenerane dening Detektip Handaka.

c.       Pambiji ngenani Novel Tretes Tintrim

Miturutku Novel Tretes Tintrim iki menehake alur ceritane kuwi sing menegangkan, bedha karo novel-novel roman liyane sing umume nyeritaake babagan katresnan (percintaan). Alur sing digunaake ana ing cerita kuwi jelas lan runtut. Sak liyane kuwi ceritane uga relatif sederhana lan ora gawe bingung sing maca. Kabeh misteri sing ana ing kadadeyan-kadadeyan jero ceritane kuwi gawe rasa penasarane sing maca, dadine sing maca kuwi pengen mangerteni kadadeyan-kadadeyan sing sateruse.

Basa sing digunakake ing jero novel kuwi uga gunakake basa Jawa ngoko, dadine bahasane kuwi gampang dimangerteni lan gampang diterima ing kalangan masyarakat Jawa. Seliyane kuwi tata bahasane uga pas karo ketentuan sing wis ana ing penggunaane basa Jawa. Ananging wong-wong sing ora bisa lan ora mangerteni basa Jawa bakalan nemokake rasa kangelan ana ing jero novel kuwi.

Keseluruhane, Novel iki layak didadekake bacaan kanggo para penggemar novel-novel jawa sing wis bosen karo cerita-cerita sing berbau percintaan utawa mistis. Ceritane sing padet ananging berisi lan ora gawe sing maca bosen maca ceritane, misteri-misteri sing ana ing jero novel iki uga gawe penasarane sing maca tanpa ngluweh-ngluwehake cerita sing ana ing jerone. Bahasane sing lugas ananging gawe gampange sing maca lan kanggo mahami pesan-pesan sing ana ing jero novel kuwi.

0 komentar:

Posting Komentar