Kresna lan Setyaboma


      Setyajid raja Lesanpura lungguh sakit, diadep karo Setyaki Setyadarma . Raja menehi ngerti rencanae perjodohan Setyaboma nlan Pendeta Drona ing Sokalima.wektu rerembugan, Patrih Prabawa saking Mandura menehake laying. Isine layang nerangake yen Erawati bojone Baladewa sakit. Saiki ngaso ana pesaranggahan Randhukumbala.Setyaboma kapingin niliki Erawati. Patih Prabawa balik nyang Mandura. Setyajid nemoni putri sing lungguh karo Setyaboma. Raja menenhi kabar babagan Erawati sing lagi lara, lan njaluk yen Setyaboma niliki, banjur mangkat karo Setyaki lan Setyadarma.
Ana raja ing Dwarawati jenenge Yuda Kalakresna lagi kasmaran mareang Setyaboma banjuur nulis lamaran. Raksesa Kalarumba diprentahake kanggo menenhake surat kanggo Setyajid . Kalarumba mangkat, dikawal Totog lan Sarawita. Ing tengah dalan kelorone ketemu karo  rombongan Lesanpura arep lunga nyang Randhukumbala. Kedadean padu, banjur kalarumba mlebu nang alas amarga wedi ngadhepi amukan Setyaki . Rombongan Lesanpura nerusake lakune.

               Wes suwe Pamade manggon ana Wukir retawu. Bagawan Abiyasa ngongkon supaya Pamae bali ana Nganarta. Pamade banjur gelem, nyuwun restu bali menyang Ngamarta. Para panankawan ngawal, ing tengah dalan ketemu karo Kalarumba sakrombonganne. Banjur padu lan perang. Totog lan Sarawita bali menyang Dwarawati. Setyaboma lan rombon ganne tekan Randhukumbala, disambut kalro Baladewa. Banjur Setyaboma dikongkon melbu keputrn Erawati. Ana inmg kana Setyaboma kaget amarga sing ditemokake lara dudu Erawati nanging Narayana. Setyaboma kapingin mlayu, tapi dialang-alangi Narayana. Narayanan ngomong eman yen Setyaboma dirabi karo Prabu Drona, ora suwi kelorone pada kesengsemme lan kasmaran.

              Rombongan Setyaki mendem dadi ora ngerti babagan kuwi. Bubar kuwi nemebe ngerti tipune Baladewa lan Narayana, banjur Setyaki duka< arep nyerang Baladewa. Baladewa ngomong kabeh kahanan kuwi supaya mbebeasake Setyaboma saka Kurawa. Nanging Setyaki ora satuju. Raja iserang tapi raja cuba ngindar. Wektu Setyakli weruh Setyaboma lungguh jejeran karo Narayanan, ilang murkane. Setyaboma jebul tresna karo Narayana. Setyaki banjur njaluk ngapura. Setyaki banjur diutus menyang Ngastina menehi ngerti kurawa yen perkawinan Setyaboma kudu lewat sayembafra. Sapa sing isa ngalahake Baladewa lan nugel tanganne oleh ngrabi Setyaboma.

               Setyaki banjur lunga menyang Ngastina, ngumumake woro-woro sayembara sing kudu ilakoni Duryudana lan Drona. Banjur bali menyang Randhukumbala. Dyryudana ngijinaken lan mrentah warga Kurawa ngawal. Bubar tekan Randhukumbala, Drona ngajukaen penyuwunan , kurawa sing makili. Baladewa nyatujuni usul mau. Kedadean perang ananging Baladewa ora kalah.

              Drona banjur mlayu menyang Ngamarta, ngahepi Yudhistira. Banjur nyuwun tulung nang Bima, Bima gelem. Keloronen ninggalaken Ngamarta lunga mnenyang Randhukumbala karo Pamade. Baladewa lan Bima kedadean prang, kesel banjur semaput. Narayana lan Sumbrada teka nangisi Baladewa. Pamade nangisi Bima. Wektu kuwi teka istana Keputren banjur menehi ngerti yen Setyaboma dicolong raseksa. Baladewa lan Bima sadar banjur nguber malin g mau karo Narayana.

              Setyaboma kasil digawa menyang Dwarawati marang Raseksa Rini. Banjur diwenehake Yuda. Setyaboma dikongkon mlebu istana, wektu melbu istana jebul Narayan awes nyambut. Setyaboma disimpen ing njero cincin Narayana. Yuda nglawan tapi banjutr mati. Prajurit Dwarawati ngamuk tapi isa iatasi Bima lan pamade. Sang Hyang Narada teka, njunjung printahe Girinata, supaya Narayata munggah tahata ing Dwarawati kanggo gelar Prabu Kresna. Sang Hyang Naradabali menyang kahyangan.

               Narayana , Bima lan Pamade bali menyang Lesanpura lan menehake Setyaboma marang Setyaji. Raja ngijinake setyaboma dirabi Narayana. Duryudana kuciwa lan mrentahake prajurit ngrebut Setyaboma. Nanging ora kasil, banjuur bali maneh menyang Ngastina. Lesanpura aman maneh. Narada mboyong Setyaboma lan nahta ing Dwarawati.

0 komentar:

Posting Komentar