Grebeg Suro


Grebeg Suro ing Ponorogo yoiku sawijining pesta rakyat kanggo mapag tanggal 1 Sura utawa tanggal 1 Muharam taun Hijriah. Grebeg Sura ing ponorogo dilaksanakake wiwit taun 1984 rikala Bupati Ponorogo diasto Bapak Subarkah PH. Menu kang dipilih ana loro yoiku :

    Kirap Pusaka (kanggo nengeri pindhahe ibu kota Pemerintahan) soko kutha lawas menyang kutha anyar saiki.
    Ngadani lomba Tari Reyog Ponorogo tingkat lokal, pesertane wakil saka kecamatan-kecamatan ing tlatah Ponorogo.

Kirap Pusaka ditindakake wanci sore watoro tabuh 14.00, naliko semana Bupati sajajarane tindak laku dharat saka pendapa tumuju kutha lawas. Pusaka kang dikirapke dumadi saka :
 

1. Tumbak Tunggal Naga
2. Payung Tunggul Wulung
3. Sabuk Cinde Puspita

Wiwit tahun 1995 dening Bupati Markum Singodimejo, acara Grebeg Sura ditinggkatake saka tingkat Lokal dadi Tingkat Nasional lan mlebu agendha Wisata Nasional. Acara iki sak liyane nguri-uri kabudhayan Jawa uga nglestarekne tari Reyog Ponorogo sing taun kepungkur arep di daku negoro Malaisya. Dene kirap Pusaka ono owah-owahan, saiki dicundhukake karo prastawa asline. Arahe kirap saka kutha lawas menyang kutha anyar.

Acara Grebeg Sura taun iki dibukak tanggal 9 Nopember 2012  minongko acara GS kang kaping 19 . Program utamane ora ana owah-owahan yoiku ndadekake Ponorogo minongko dhaerah tujuan wisata. Wisata Budaya, Wisata Religi, apa dene Wisata kuliner. Akibat positif saka acara iki mundhake perekonomian rakyat, proses regenerasi lan apresiasi seni reyog Ponorogo ojo nganti illang.


http://javaneseart-culture.blogspot.com/2013/07/nonton-grebeg-sura-ing-ponorogo.html

0 komentar:

Posting Komentar