Paribasan

1. Cebol nggayuh lintang
 

Cebol :  wong kang pendek
Nggayuh : njupuk
Lintang : bintang
Tegese:  duweni kekarepan sing mokal bakal kelakon
(cebol iku wong kang pendek ora mungkin iso njupuk lintang kang manggone duwur banget ing angkasa).

2. Mburu uceng kelangan deleg
 

Uceng :iwak cilik
Deleg : jenis iwak tawar sing ukurane luwih gede
Tegese : Mburu barang sepele akibate kelangan barang sing aji
(mburu iwak cilik kelangan iwak kang luwih gedhe, alias kapusan usahane muspro kelangan barang kang luwih aji)

3. Lambe setumang kari semerang
 

Lambe : bibir
tumang : anggel pawon
Merang : ulen pari
Tegese : aweh pitutur bola-bali ora dirungok ake
(lambe setumang yoiku lambe pawon sing gedhe kari  sak merang “ulen pari”, ateges dikandhani bola bali ora dirungokne blas)

4. Tinggal glanggan colong playu
 

Glanggang : arena olah raga
Colong : maling
Playu : mlayu
Tegese : keplayu soko tanggung jawab
(ninggalne arena tanding pilih mlayu ngacir, ateges wong kang mlayu soko tanggung jawab)

5. Ancik-ancik ana ing pucuking eri
 

Ancik-ancik : mancik, munggah
Pucuking : nduwur
Eri : barang lancip soko tanduran
Tegese : wong sing tansah kuwatir yen keluputan
(ngeri yen sampek kecubles eri ateges wong kang tansah kuwatir)

6. Tumbak cucukan
 

Tumbak : jenis senjata
Cucukan :paruh
Tegese : seneng wadulan
(sejata awujud paruh sing iso nglarani liyan, ateges seneng wadulan akibate iso nglarani atine wong sak podo)

7. Cecak nguntal empyak
 

Cecak : cicak
Nguntal : ngulu
Empyak : atap omah
Tegese : gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane
(ora mungkin cecak sing cilik iso ngulu empyak sing gedhene ngluwihi awake cicak)

http://javaneseart-culture.blogspot.com/2013/07/contoh-paribasan.html

0 komentar:

Posting Komentar