Geguritan

BEKTIKU MARANG WONG TUWA

Srengenge tansah setiya ngulurake cahayane...
Peluh kringet padha lumeber ing awake
kaya udan sing banget derese

Awit enjing dumugi sonten
Anggonmu makarya ora leren
Nanging ora kemecap nresula metu saking lesan

Ibu.....Bapak
Bekti napa ingkang saged kula paringake ???
Namung donga ingkang saged kula aturake
Mugiya Rahmate tansah sesarengan
bareng lelampahipun panjenengan

Namung donga lan donga...
Nanging....mboten cekap nglunasi
Sekabehane kasih sayang ingkang
kula pikantuk saking Bapak ibu.......

Bektiku tansah kawula tancapake
Sajeroning dada lan ati
Bektiku.........
Tanda kasihku dumateng Bapak lan ibu



PETENGING WENGI

Sumribit angin ngelus sore
Manuk emprit padha bali ing susuhe
Nganti tekaning wengi sing peteng dhedhet
Ngawang-ngawang katon pasuryamu

Gawe tambah kekesing angin sore
Gemantunging rasa kang ngulandara
Wayah wengi bakal tumeka maneh
Bareng karo wewayanganmu
Kang bakal ngebaki impen ing sajroning turuku

Lumaku turut petenging wengi
Sliramu bakal ngawang-ngawang campur mega-mega
Kudu tak buwak wewayanganmu
Bebarengan karo lingsiring wengi iki



KORAN

Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi


LELARA

Sepiku ing tengah wengi
Awakku tansah kelingan
Sliramu sing gemantung ana ing jendelaning atiku
Ananging…
Sing tak rasakake namung rasa lelara
Lelara kang ora bisa dak rasakna
Sing dak rasakna namung rasa cuwa
Aku mung bisa pasrah lan narima
Kabeh rasamu kanggo aku
Ora bisa dak rasakna



TUGAS

Sliramu tansah setiya ngancani aku
Sliramu dadi pepaesing dina-dinaku
Sliramu tansah kagawa ing sajroning impenku
Sliramu bisa gawe senenging atiku
Kadang…
Sliramu gawe judeg pikiranku
Gawe ngelu sirahku
Ananging kabeh iku…
Dadekake aku ngerti  ngenani sliramu



SEPI

iki sepine sapa
kathik kaya mengkene…

langit peteng kagubeng dening mendung....
tanpa angin tanpa wicara...
tanpa lagon tanpa gending...

yen sliramu isih rumangsa tresna
gunemu bakal dak anti
nadyan getir rasaning ati....



KAMPUSKU

Bangunanmu kang megah
Ngadheg ing tengahing kutha Semarang kanthi gagah
Dadi tujuwane para mahasiswa
Sing arep goleki ilmu kanggo sangu tuwa
Saben dina
Aku tansah ana njero ruanganmu
Ngrungokake piwulange dosen-dosenku
Apa sing kudu digugu lan ditiru
Tambah dina tambah marem atiku
Sekolah neng UNNES
Sing kawentar dosene
Sing kawentar prestasine

NALIKA SEPI

pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut mletheking surya
saya suwe sang saya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput ilining banyuning kali


RASAKU MARANG SLIRAMU

Aku tresna marang sliramu
Nanging sliramu ora ana ing sandhingku
Senajan esemmu ora isa tak nikmati
Senajan suaramu ora isa tak rungokna
Nanging, aku tetep neng kene
Ngenteni tanganmu nggandeng tanganku
Aku wedi yen sliramu lunga suwe
Bakal bali nekani pasinggahanku
Sabar, sabar atiku ngyakinake
Marang tesnaku, marang sliramu
Setiyaku kanggo sliramu
Ora bakal ilang ketutup wektu
Dongaku marang sliramu
Cepet bali nemoni aku
Tak percayani janji putihmu
Bakal ndadekake siji tresnamu lan tresnaku

TRESNAKU

Tresnaku marang kowe
Ora bakal luntur
Sanajan salira adoh
Nanging cedak neng ngati

Tresnaku mung kanggo kowe
Ora ana liyane
Kejaba mung kanggo awakmu

Sanajan suwe ora ketemu
Nanging isih kaya mbiyen
Ora bakal owah
Saya suwe saya tresna

Wes pirang-pirang taun
Kowe karo aku
Nanging
Enggale suwe banyu sinaring
Kaya srengenge wae
Ora krasa
Amarga, esemmu nengsemake atiku

CAHYANING  TRESNAMU

Aku tresna awakmu apa anane
Kerana tresnamu uripku dadi bungah
Nanging, kerana tresnamu atiku lara
Uripku krasa sepi tanpa tresnamu
Awang-awangmu terus ana ing atiku
Panjenengan kadya rembulan
Cahyamu makantar-kantar
Madangi langkah lan jagatku iki
Anganku pengin ketemu awakmu
Aku wis pengin isa bebarengan maneh karo sliramu

URIP LAN MATI

Awakku mung bisa nonton langit
Iku ning awakku urip
Lan aku bisa nonton langit
Iku yen awakku mati
Mati lan urip
Iku ora adoh beda
Urip mung kanggo sawetara
Mati kanggo saklawase
Tresna kadang kala mati
Nanging tresna iku kadang kala urip
Mati merga ketutupan mega mendhung
Urip merga di cori rasa seneng lan rasa tresna

BOCAH SEKOLAH

Jumangkang ngarah pangangkah
Panjangkahe bocah sekolah
Ati bungah bisa polah
Wadhah pirantine ngasah
Wajib lan tanggung jawab ora kalah
Netepi wajib lumaku tertib
Tumrap Pangeran kang kinutip
Dhasare bocah lantip
Teteg lakune ora mobat-mabit
Ngarah pangangkah kang dhuwur mencit
Mangsa dawa genep sedina
Tinata karya kang nyata
Tumindak enak merga kulina
Panjangkah klakon ora rekasa
Ya,amarga netepi mangsa
Mbudidaya lan pandonga
Nadhah Pangeran kang Maha Mulya

PETENG DHEDHET

Awan mendhung peteng dhedhet
Manuk padha mabur ing langit
Kang seminar ing lintang
Ambyar pecahing awan
Sumerbak aruming melati
Sing dadi panutaning ati
Nuju mulyaning pejah
Sujud lan donga
Marang gusti kang maha mulya

REKASANE WONG DESA

Soroting surya cumlorot madhangi donya
Pratanda murwani dina
Wong-wong sigra padha makarya
Makarya sadina laya
Panase surya tanpa rinasa
Kesel…sayah ing raga
Nyata ora karasa
Kerana butuh kang nyata
Kabeh mau kagem keluwarga

BOCAH JAMAN SAIKI

Bocah saiki kuwi mangkene
Nglirwakake tanggung jawabe
Sinau sageleme dewe
Seneng seneng iku hobine
Lire…ora mikir tembe burine
Terus kepiye..??
kudu piye…
Amrih bisa nyambut gawe
Ngecakake ngilmu kang diduwe
Tembe kareben isa kepenak uripe
Delengen…delengen wong kang apes uripe
Mlarat prigel, pinter ora duwe
Keduwung ora ngrampungi gawe
Nadyan awak nggreges, nganti lemes
Mripat pedhes tetep wae apes

WONG TANI

Saben esuk kudu wis tangi
Rebutan banyu saben wengi
Nggawa pacul kanggo maculi
Arite dinggo ngeriti dami
Ora peduli panase srengenge kang nyinari
Sawahe kudu diopeni
Ora peduli ademe wengi
Ngileni banyu saka kali
Ora peduli kudu ngenteni
Sing penting isa dadi pari

ANGIN SUMILIR

Angin sumilir ing kampungku
Ana antarane godhong-godhong tebu
Gemercik banyu, aduh segere
Dene srengenge abang mbranang
Saka kulon katon nyenengke

Angin sumilir ing kampungku
Nggawa layangan mumbul dhuwur
Kaya dene nggawa angen-angenku
Melu mumbul dhuwur ing langit sab pitu

Angin sumilir ing kampungku
Ngajak bocah-bocah pada geguyonan
Dolanan ing sawah nyumilir angin
Tanduran podho nari ing tengah sawah

SUWARA ENDAH TENGAH WENGI

Lamat –lamat
Sumilir angin kang ngiyak-ngiyak wit-witan
Dibarengi ngerike jangkrik ing pinggiring sawah
Dipandhangi sewu lintang tanpa mega
Keprungu suwara endah saka pojok omah
Kumricike banyu padasan
Sumelaking sajadah kang banjur ginelar
Sesenggukane anak lanang
Gusti, mugi paduka tansah ngreksa tiyang sepuh kula
Anak lanang kula piguna
Mring sakehing papadha

REKASANING URIP

Urip pancen angel tenan,
Urip udhu mung dholanan,
Kudhu ngalahke kahanan…
Kala-kala njelma rodha
Nanging tumrap kang siji iki
Aku luwih seneng
Kari gumlindhing
Rodha kang terus muther
Senadyan kudhu niba tangi
Senadyan kudhu wira-wiri
Nanging tetep tak lakoni

PANGAPURAMU

Bukaken lawang pangapuramu
Senajan rinasa abot
Kaya-kaya ora bakal tinarbuka kanggo salawase
Nanging, apa sliramu tega lan mental???
Aku ngerti …
Sliramu sejatine ora mental
Mula, gedhe pangarep-arepku
Ing sawijining wektu
Bakal ana pangapura
Kanggo aku kang nate ngrasakake katresnamu

NGGAYUH KAMULYAN JATI

Tak tulis gurit iki
Nalika ati lagi goreh
Mikirake urip sing aneh
Tak pecaki uripku kanthi titi
Nanging sandhungan tetep ana
Natoni dlamakan sikilku
Gawe rendhete laku
Dalan aspal dalan nggronjalan
Menggak-menggok, Munggah-mudhun
Tak liwati
Senajan garis nasibing manungsa bisa
Kaukur saka akal budi
Lamun wis tuwa wasanane mati
Nanging misteri urip tan bisa ginerta
Dening sapa wae
Srengenge isih sumunar manasi donya
Isih adoh karo surup
Lakuku kepanasan, kicat-kicat
Kerana Mikul tanggung jawab

IBU

Ibu…
Matursuwun Ibu…
Panjenengan sampun ngorbanake
Nyawanipun panjenengan diangge
Nglairake kula teng donya niki
Kula…
Anak sing Ibu lairake
Namung saget bales
Perjuanganipun lan pangorbanan Ibu
Kalih donga lan kabektian kula
Kalih panjenengan Ibu…
Ibu…
Kula nyuwun pangapunten
Amargi kula sampun lelakon
Kesalahan kaleh Ibu…
Kula sadar, umpami mboten wonten Ibu
Kula mboten saget lahir
Teng donya niki…
Matursuwun sanget Ibu…

KASMARAN

Petheng ndedet lelimengan
Nalika mendung ngemuli rembulan
Kadya petenging atiku
Kang lagi kelangan
Srengenge kang sumunar ing pojokan atiku
Srengenge iku sliramu
Kang tansah madangi atiku
Nanging embuh ana ing ngendi sliramu saiki
Aku mesti bakal nggoleki
Sanajan namung ana ing ngimpi

ARTINE SLIRAMU

Duniane katon endah pas kowe teka
Hawane ayem wektu kowe ana
Udan tangis dadi guyu nalika kowe teka
Jeneng ora ana artine
Status kanggoku ora ana perlune
Sing paling penting kowe ning kene

Ora isa tak bayangna
Menawa kowe lunga
Menawa aku…
Rabakal isa ngguyu meneh
Umpama kowe lunga saka uripku

GURU KULA

Guru kula…….
Kula nganturaken panuwun
Panjenengan panggonaning ilmu
Mbabar ayat-ayat suci
Wiwit jus tigang dasa
Guru kula……….
Kula ngaturaken panuwun
Panjenengan dados pepajar kula
Panjenengan dhumuk hanacaraka
Wanaya apa wajaya
Padha ana kana
Nganti tekan magabathanga
Guru kula……….
Kula ngaturaken panuwun
Kula saniki dados padhang
Sampun saged dados tiyang
Boten namung buruh kentang
Ing rasa ora dadi nglambrang
Guru kula……..
Punika ingkang kedah kula aturaken
Boten wonten sanesipun
Kajawi mugi-mugi
Gusti angajabahi
Dhateng pak lan bu guru ingkang tebih kula niki

BIYUNGKU

Ing tengah-tengah ing jagad raya
Ing antarane para wanodya
Ana sawiji kang dak tresnani
Nganti ana sajroning Hyang Widhi

Mula tan angon mangsa lan wektu
Nora kendhat donga panuwunku
Supaya biyungku binarkahan
Serta didawakake ing yuswa

PARI

Pariku wes kuning
Wis wancine
Wis padha dungkluk
Nunggu tangan-tangan para tani
Ngenteni anggone padha ngeriti

Pari…
Gedhemu pangkatmu
Kanggo awaku
Kulawargaku
Mitraku
Lan, kanggo para menungsa
Bisa ngilangi rasa ngelih
Gawe adheme weteng
Lan, bisa menehi kekuwatan

Pari…
Aja musnah
Aja ngilang
Aja rusak
Mung amerga hama
Duh Gusti
Panjenengan kang murbeng jagad iki
Supados kitha boten sami kekirangan pari

TRESNA CIDRA

Rina wengi aku ngenteni sliramu
Rina ora isa mangan
Wengi ora isa turu
Amarga mikir sliramu
Tak enteni tekamu
Nanging..
Kuwe cidra murung tresnaku
Kang suci lan tulus marang sliramu
Aku mbok kiyanati
Aku mbok apusi
Atiku lara atiku ancur
Kaya remeg kena watu
Kaya kena bledeg
Lara banget ora isa tak ademke
Tega tenan sliramu marang aku
Nanging aku pasrah marang gusti
Aku trima yen kue seneng lan bahagiya
Senadyan atiku nyesek
Pancen tresnamu iku cidra
Marang aku seng nresnani sliramu
Cukup semene tresnaku marang kue
Aku wes ridho kue karo wong liya
Tresnamu bakal tak eling-eling
Ing atiku iku
Tanpa ana sing bisa ngupas tresnamu


GEGURITAN IKI KAGEM IBU

Ibu ...
lumintiring asihmu
kadya cahya lintang ing angkasa sab pitu
gumebyar gawe padhanging tyasmu
pepujimu kanggo aku
Lir rembulan rumeksa ing wengi
rinengga pupusing rembulan
Ibu
Kang kinasih
sih kawelasanmu nyirnakake sedhaya luputku
luputku marang tingkah lakuku
Ibu...
Sewu atur ora bakal cukup
bandha donya ora bakal nutup
katresnanmu marang aku
Ibu...
Aku bakal sregep lelaku
ngudi laku utama nyebar tresna marang sapadha
kanggo esemmu kang ngebaki kalbuku

0 komentar:

Posting Komentar