TRESNA ORA KUDU ANDUWENI


Dak sawang tetes-tetesing waspaning mega kang ngucur saka petenging  langit sore iki kang tansaya deres. Semana uga deresing waspaku kang ora mandeg tumetes ngrasakake tatuning atiku kang tansaya perih. Aluning bayu kang nggepyok wit-witan sajak ngumandangke jeriting batinku.

“Ndhuk…” Tangan kang anget nablek pundhakku, nguculake aku saka lamunan kang lagi dak undha.

“Lawange mbok enggal ditutup, ndang mlebu, ora becik surup-surup lungguhan ing njobo.” Ibu ngandika sinambi nuntun aku mlebu. “Dak rasake, koe kok kerep ngalamun, ono perkara apa?”pitakone Ibu gawe aku kaget .

“Ah, boten kok Bu, penggalihipun Ibu mawon. Kula sae-sae mawon kok, Bu.”

Tok…tok…tok… Seko njobo dumadakan ono kang ndhodhog lawang.

“Sugeng sonten, Bu, Iska wonten?” Suara kui wis dak apal merga saben dina keprungu.

“Ono, mlebu wae, mbak Sekar kae Iska.” Ibu nyumanggakake Sekar mlebu.

“Kok tumben, uda-udan gelem metu seko ngomah koe, Ndul?” pitakonku sakenane.

“Oh, ora oleh yo uwis aku tak mulih.” Guyonne Sekar.

“Eh, yo kono…aku yo ora akon koe rene kok weeeee” piwalesku. Banjur aku karo Sekar guyu bareng.

“Kenang opo mripatmu kui, Ka? Bubar nangis mesti? Kenang opo hayo, mesti ora ndue duwit to? Hehehe…” Sekar mbebedo aku karo cengengesan. Nanging pitakone Sekar, kanca raketku wiwit rong taun kapungkur mau mertandhakake sajak deweke apal karo aku.

“Ah, koe ki sok ngeti…” jawabku karo njiwit wetenge Sekar gemes.

“Yo ngerti wae, kui mripatmu pating brendul ngono kenopo, mosok dientup tawon?” Sekar mandeng aku landhep, sajak nitik bekase luhku kang mau tumetes.

“kenopo?” Pitakone Sekar sepisan maneh, mekso aku kudu crita.

“mmm… anu, Bagas.” Semaurku lirih karo tumungkul isin.

“Yaaah, Bagas meneh. Ckckck. Koe ki kenopo to Ka, kaya-kaya ning donya iki wong lanang mung siji Bagas tok? Seprono-seprene mung kok tangisi wae. Po ra kelinagan dhek mbien kepie?” Tanggapane Sekar sajak sewot.

“Iyo, Kar, Iyo…aku ya ngerti kok nek aku ki goblog, bisa-bisane aku isih nangisi wong sing nglarani aku lan ninggalke aku sakepenake dewe. Nanging nyatane aku ora bisa ngapusi atiku dewe menawa aku pancen durung bisa nglalekake Bagas seko uripku. Halah uwislah ojo dibahas, njuk malah lebai to anggonku crita.” Aku nglereni critaku.

“Eh, iyo ngomong-ngomong  soal Bagas koe wis krungu durung, Ibune Bagas mlebu rumah sakit?”Pitakone Sekar ngajak ganti topik.

“Durung, aku malah lagi krungu seko koe, Kar. Lha gerah opo?” pitakonku balik.

“Mau awan, jare kecelakaan, tabrakan karo cah sekolah terus saiki nang rumah sakit, jare sukune nggon dhengkul nganti balunge remuk.” Ukarane Sekar sajak gawe jantungku mandheg, atiku deg-degan, sikilku gumeter lemes.

“Terus pie?” pitakonku cekak, sajak aku wis ra ngerti kudu ngomong opo.

“Yo jajal kok karuhke, koe sms Bagas utawa Mbake supaya luwih cetho, Ka.” Sekar menehi saran.

“Sms Bagas? Aku keri dewe sms Bagas wis rong sasi kepungkur, kui yo dudu mergo perkara kang wigati, mergo ngaturke sugeng Natal kae. Lha saiki aku kan wis dudu sapa-sapane Bagas meneh. Ah, ora usah lah, Kar, mundak dikira aku melu-melu urusan kluargane.” Aku rumangsa gela.

“Wong mung ngaruhke kahanan Ibune Bagas kepie kok, lehmu mikir kui ora usah kadohan ngono to. Koe rakyo biyen uwis tau kenal raket karo Ibune, aku yo ngerteni menawa koe saiki wis dudu sapa-sapane Bagas meneh, naging minangka kanca apa yo koe ora kepingin ngerti kepie kondisine ibune Bagas, Ka?” Sekar malah tansaya gawe aku bingung.

“Aku bingung, Kar, aku kudu piye?” Aku mung tumungkul bingung.

“Yo, mantepe atimu wae kepie?” Pitakone Sekar.

Aku manthuk-mantuk sajak ngerti opo kang kudu dak lakoke. Sejatine aku bingung kudu kepiye.

“Wis wengi, Ka. Aku mau rene ancase mung arep nyilih buku sejarah malah dadi ngrungoke wong curhat. Wis gek ndang jupuke bukune mundak aku kewengen ora wani mulih mengko.”

Sekar mungkasi obrolan mau. Bubar dak jupuke buku,Sekar banjur pamit mulih. Nanging omongane Sekar bab mau kae isih muter-muter sajroning pikiranku gawe aku bingung kudu nindakake opo. Dak gletakke sekujur awakku kang isih gumeter krungu kabar mau, ing ranjang, bisaa gawe aku mundhak ayem, nanging malah tansaya gawe aku tambah bingung. Banjur dak cekel Hpku, tak pejet tombole munggah-mudun. Ora let sue layare nuduhake jenenge Restu, kanca raketku lan Bagas biyen nalika SMP. Dak banjur dak coba nelpon kontak mau. Diangkat.

“Halo” semaure  wong kang ono ing sebrang kono.

“Halo, Restu? Iki aku Iska.”

“Oh, koe Ka. Kepie kabare? Kok lawas ora menehi pawarta.” Restu malah miwiti dhisik.

“Kabarku apik kok. Lha koe dewe pie?”

“Aku yo apik kok. Kepie, ono masalah opo kok tumben telpon?” pitakone Restu.

“Nuwun sewu, nek anggonku telpon wengi-wengi ngene ngganggu anggonmu ngaso, Res, aku mung arep takon, opo koe wis krungu bab Ibune Bagas kang jarene mlebu rumah sakit?” pitakonku alon-alon.

“Uwis, aku krungu kabar kui mau isuk, nanging aku yo durung sempet tilik nang Rumah sakit. Mungkin sisuk awan aku arep tilik karo Ibuku. Lha kepie?” Restu sajak ngerti menawa aku arep njaluk panemune.

“Aku kepengin njaluk panemumu,Res. Apike aku tilik opo ora?” pitakonku cekak.

“Lha kok takon ngono, ana opo? Sajake kok koe kaya lagi bingung, Ka?” Pitakone Restu ngelingake aku, yen bien Restu tau dadi kanca raketku. “Sajake pancen aku kudu crita Res. Muga-muga koe isih tetep kaya biyen, dadi wong kang gelem ngrungokake sesambatku.”Panjalukku memelas.

“Yo mesti isih, sing jenenge kanca ki ora bakal ono kang rubah sanadyan wis pisah papan.” Wangsulane Restu gawe atiku ayem.

“Res, Koe ngerti to, kahanane aku karo Bagas rongtaun kapungkur. Aku tau njalin tali katresnan karo deknen. Sanajan to isih kena diarani isih ‘cinta monyet’ nanging anggonku tresno karo Bagas wis temenan, jero, tulus ora mung dolanan.”Aku miwiti crita kanthi serius.

“Lha saiki pie hubunganmu karo Bagas, Ka?” “ Nalika mlebu SMA, sanajan aku isih bisa nunggal saksekolahan karo Bagas maneh, nanging merga kahanan, aku lan Bagas kudu pisah, aku kudu bisa narima komitmene Bagas, merga Bagas mlebu kelas akselerasi lan aku mung ana ing kelas reguler. Bagas nduwe komitmen arep fokus karo anggone sinau ing kelas akselerasi kang namung rong tahun. Wektu kui aku isih bisa narima kabeh, uga narima yen hubunganku karo Bagas kudu dipungkasi tekan semono, merga Bagas janji yen aku lan deweke isih bakal tetep konconan raket kaya biyen. Nanging, sing gawe aku kuciwa, janjine bagas mau ora ono buktine babar pisan. Yen ketemu utawa papasan ing dalan boro-boro aruh-aruh, mesem we ora, kaya wong ora kenal karo aku. Sapa wonge sing ora kelara-lara.” Luh ku tanpa kabendung mili mbanjiri pipiku.

“Aku ra nyangka nek Bagas tega ngono karo koe, Ka?” Restu sajak melu prihatin.

“Aku dewe yo kadang isih sok durung bisa narima. Saiki aku lagi bingung, Res, bab ibune Bagas, aku kudu pie? Sejatine aku kepingin baget niliki, nanging aku isih abot merga kahanan iki, Res.” Aku ngutarakake bingunge pikirku.

“Aku yo ora ngerti kudu menehi koe panemu opo bab perkara iki. Sakngertiku, koe bien wis tau kenal apik karo kulawargane, opo maneh Ibune Bagas. Luwih becik menawa koe gelem ngruhke sms opo maneh yen koe gelem tilik, perkara koe rumangsa saiki wis dudu sapa-sapane Bagas meneh, koe isih bisa to dadi kadang kanggo Bagas.” Restu menehi panemu.

“Yo, mengko aku pengin njajal sms Bagas. Aku matur nuwun yo Res, koe wis gelem ngrungokake sambatku.” Kabingunganku krasa suda.

“Iyo, sami-sami. Menawa ana masalah ojo sungkan sambat karo aku, nek menawa aku bisa mbantu.” “Sepisan meneh matur nuwun, Res. Uwis dhisik yo.”  Aku mungkasi obrolan via telepon mau.

Tut…tut…tut…

Bubar suara kui, kahanan bali sepi maneh. Dak cekel maneh Hpku mau, banjur tak pejet-pejet nganti ing layare nuduhake nomer Hpne Bagas kang sakjane tekan saiki isih tak apal sakjaban sirah.

“Dhuh Gusti, kula pasrah menapa ingkang badhe kalampah.” Batinku rasane ngroncal.

Ora let sue, jempolku wis mejeti tombol-tombol Hpku, lan karonce ukara

“Gas, apa bener Ibumu kecelakaan?”

banjur aku mandheg sawetara. Jempolku mlaku meneh. Jempolku mejet tombol cancel, lan telung huruf saka mburi kabusek. Aku bingung. Nanging banjur tak ketik meneh, lan tanpa aku sadar wis ono laporan terkirim mertandhakake yen smsku wis katampa dening Bagas.

Aku lungguh. Aku ngadeg. Aku teturon. Aku ungkeb-ungkeb ing bantal. Aku lungguh meneh, kanggo ngelongi rasa deg-degan kang ngebaki ragaku. Rasane deg-degan, rasane isih padha karo biyen nalika aku deg-degan ngenteni sms balesan saka Bagas, pacarku.

Sak menit, rong menit, telung menit, limang menit, sepuluh menit, rongpuluh menit, banjur Hpku ngumandhangake lagu

…..meski waktu datang, dan berlalu sampai kau tiada bertahan, semua takkan mampu merubahku, hanya kau yang berada di relungku, hanyalah dirimu mampu membuatku jatuh dan mencinta, kau bukan hanya sekedar indah, kau tak akan terganti…..

Banjur tak waca sms kang lagi wae mlebu.

“Iyo, Ka. Ibuku kecelakaan, tulang lutute pecah. Iki aku lagi nunggu Ibuku dioperasi, nang rumah sakit. Mlebu ruang operasi sekitar jam wolu mau, mengko metu kurang luwih jam setengah rolas. Dongane, yo Ka.”

Banjur aku noleh jam, jam kamarku lagi nuduhake jam setengah sewelas. Jempolku mlaku, mejeti siji mbaka siji tombol-tombol Hpku diiringi luh kang mili setetes mbaka  setetes nelesi pipiku. Banjur sms balesan kang isine

“Dongaku tansah nganti sakabehe, muga-muga operasine lancar lan Ibumu enggal pulih. Koe sing kuat ya, Gas.”

Banjur sms mau enggal dak kirim. Tanpa nunggu sms balesan, aku merem bablas keturon. Suara manuk-manuk kang rame methuk sunaring srengenge esuk iki, nangekake aku. Minggu isuk kang cerah iki kaya-kaya gawe aku mantep jumangkah ngadepi dina iki. Aku gage-gage mlayu menyang kamar mandi, adus.

“Bu, mangke menawi kula wangsul saking Gereja bablas truwi Ibune Bagas ing rumah sakit menapa kepareng?” Aku pamit Ibu.

“Lha Ibune Bagas gerah opo?” Bapak kang lagi ngunjuk teh sinambi maos koran nyelani.

“Kecelakaan, Pak.” Wangsulanku.

“Wah, Ibu sejatine kepengin banget melu niliki, biyen Ibu kenal raket karo panjenenane nalika isih padha-padha dadi wali murid wektu koe isih SMP, nanging Ibu wis janji karo Bapak arep njagong manten ing daleme Pak Tugiyo. Ibu titip salam karo donga wae, kowe uga ngati-ati ya, ndhuk.” Ibu paring wansulan.

“Inggih, Bu, matur nuwun.” Aturku.

Tit… tit… tit..tit…tit…

Suara alat Elektoensefalograf kang kabel-kabele kasambung karo salirane Bu Endah kaprungu cetha saka samburi lawang ruang tunggu.

“Wiwit bubar operasi mau bengi, Ibu durung liwat saka masa kritis, aku wedi banget, Dhik.” Suarane Mbak Tanti,  mbake Bagas, mbuyarake lamunanku.

Aku ngalihake pandenganku saka Bu Endah kang sare ing ruang rawat. Aku ngelus pundhake Mbak Tanti, nglipur penggalihe kang mesti wae sedhih banget. Mbak Tanti ngrangkul aku, banjur nglendhetake sirahe ing pundhakku nagis mesesegen.

“Sing tatag Mbak, pasrah karo Gusti, samubarang mesti bakal apik-apik wae.” Kandhaku kanthi suara klesik-klesik, nyoba ngayemake Mbak Tanti.

Bagas lan Pak Edi, bapake, ing kursi tunggu kanthi pasuryan kang katon kuatir. Ana krasa mak ser nalika aku sesawangan karo pasuryane Bagas, mripat ketemu mripat, awakku krasa adem, rasane isih padha karo mbiyen nalika aku sepisanan mandeng pasuyrane, saka pandengane Bagas sajak akeh ukara ukara kang wus karonce nanging durung bisa kasokake. Ing kene, ing tengah-tengahe kulawargane Bagas, aku tetep isih krasa ayem kaya ing tengah-tengahe kulawargaku dewe. Tali katresnan kang bien tau dak jalin marang Bagas lan kulawargane kanyata durung pedhot sanadyan kahanane saiki wis beda. Kaya katresnanku marang dheweke kang nganti kapan wae ora bakal suda.  Ing kene aku bisa melu ngrasakake opo kang dirasakake dening kulawargane Bagas. Lan iki mbuktekake marang sapa wae menawa tali katresnan ora kudu kawujud minangka pacaran, nanging malah luwih becik kawujud ing paseduluran.

*TAMAT*

http://iskaandriani.wordpress.com/2013/04/11/cerkak-basa-jawa/

0 komentar:

Posting Komentar