Slogan konservasi namung dadi “Embel-embel”



Sapa sih sing ora kenal Universitas Negeri Semarang (UNNES), Universitas sing bertaraf internasional sing unggul, sehat lan sejahtera. Kampus iki uga duweni predikat kampus konservasi pertama sing ana ing Negara iki. Kampus kang ngadek wiwit taun 1965 ing kutha Semarang, kutha kan isa dikategoriake kutha kang wis tuwa sing ana ing ibu kota provinsi Jawa Tengah. Kampus iki bakalan menehi ngilmu utawa pelajaran sing durung tau disinauni ing bangku SMA, SMP, utawa liyane, kampus iki uga bakalan menehi kaindahan lan panorama alam sekitar, misale kaya taman, gedung sing megah, hutan mini lan liya-liyane. UNNES iki anduweni daya magnet sing isa narik kawigaten para pelajar saka ngendi wae, baik saka domestik nganti mancanegara.
 

Wiwitane UNNES dadi kampus konservasi yaiku tanggal 12 Maret 2010. Keberadaan UNNES dadi Universitas konservasi iki, wis dideklarasiake dening Menteri Pendidikan Nasional yaiku Muhammad Nuh. Saka deklarasi kuwi, kabeh warga UNNES kudu njunjung dhuwur prinsip perlindungan, pengawetan, pemanfaatan, lan pengembangan secara lestari terhadap sumber daya alam lan budaya luhur bangsa. Slogan konservasi uga ditempatake dadi wujud tridarma perguruan tinggi yaiku pendidikan, penelitian lan pengabdian marang masyarakat.
(Sumber : http://unnes.ac.id/tentang/)
 

Senajan UNNES iki anduweni slogan kampus konservasi, ananging penghuni utawa warga sing ana ing UNNES iki kelakuan lan tingkah lakune kaya-kaya ora sepadan karo slogane. Rumangsa slogan konservasi iki namung digawe embel-embel lan pantes-pantesan wae. Delengen para mahasiswa-mahasiswi nganti pejabat lan panguwasa sing ngadek ana ing UNNES, babar pisan ora ana sing isa merhatekake apa kuwi sing jenenge konservasi. Sing jarene konservasi kuwi nglindungi, ngreksa, lan jaga sing ana ing sekitare dhewe kanthi sethithi. Misale kaya mangkene, saben jam pitu isuk nganti jam papat sore, para mahasiswa lan mahasiswi ora oleh gawa kendaraan bermotor sakepenake dhewe amarga mangko bakalan dadekake ora nyamane sinau lan dadekake polusi udara ing wilayah kampus. Kaya-kaya peraturan kuwi namung dikhususke kanggo mahasiswa-mahasiswi. Para pejabat lan panguwasa-panguwasane dhewe padha sliwar-sliwer ngalor-ngidul sakepenake dhewe karo tunggangane sing serba mewah. Ana maneh kaya mangkene, biyasane wayah jam kosong khususe mahasiswa lan dosen ora sungkan-sungkan rokokan ana ing wilayah kampus. Apa kuwi ora termasuk dadi penyebabe polusi udara, lan iku uga dadekake ora nyamane warga liyane khususe para wanita sing mungkin alergi karo kebul-kebule rokok.
 

Saka kasus-kasus ing dhuwur, isa didelok yen para penghuni sing ana ing UNNES iki durung anduweni kesadaran marang lingkungan. Senajan wis ana peraturan-peraturan sing wis digawe dening kampus, nanging peraturan-pertauran kuwi ora digubris babar pisan.
 

Dadi, sing jenenge duweni slogan konservasi, kudune tata kelakuane, tata kramane iya bisa njunjung dhuwur apa sing jenenge konservasi kuwi. Saka kene perlu anane kesadaran saka masing-masing individu lan sak anane warga UNNES akan perlune jaga lingkungan kuwi. Jaga lingkungan kampus dadi tanggung jawab bareng-bareng, mulai saka karyawan, mahasiswa-mahasiswi, dosen nganti pejabat-pejabat sing ana ing dhuwur kana. Supaya lingkungan kampus iki isa kacipta kampus sing nyaman, asri lan kondusif. Sahinnga proses belajar mengajar iki isa kelakon kanthi nyaman lan aman.
 

Saka kene, menawa ana perangan sing isa digatekake dening kabeh warga UNNES, sebagai bentuk upaya pelestarian lingkungan :
1.    Menghemat penggunaan kertas
2.    Buwak sampah kanthi sethithi ana ing tempate
3.    Manfaatake barang-barang asil saka daur ulang
4.    Menghemat penggunaan listrik, air, AC lan liya-liyane
5.    Sarta nanam lan ngrawat wit-witan sing ana ing sekitar lingkungan kampus
 

Saka upaya-upaya ing dhuwur kuwi menawa isa dilakokake, supaya citra UNNES sing anduweni slogan konservasi iki, ora namung sekedar dadi embel-embel lan pantes-pantesan wae.

0 komentar:

Posting Komentar