Pro lan Kontra Kurikulum 2013



Miturut pangertiyane, Kurikulum 2013 utawa Pendidikan Berbasis Karakter yaiku kurikulum anyar kang dicetuske dening Kementerian Pendidikan lan Kebudayaan RI kanggo ganti Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP). Kurikulum 2013 yaiku kurikulum kang njerone ngutamakake pemahaman, skill, lan pendidikan berkarakter, siswa dituntut kudu paham marang materi-materi kang diajarake, aktif berdiskusi lan presentasi, sarta anduweni sopan santun lan junjung dhuwur kedisiplinan.
 

Kurikulum 2013 anduweni harapan dhuwur supaya isa dadekake karakter utawa identitas bangsa Indonesia dadi bangsa sing berpendidikan, lan nyeleseake masalah-masalah kang ana ing sajerone dunia pendidikan Indonesia. Sewajare, kurikulum anyar kang lagi ana ing proses sosialisasi iki, enthuk respon lan komentar pro lan kontra saka masyarakat. Apa iya kurikulum 2013 iki isa dadekake perubahan lan solusi marang sistem pendidikan kitha, utawa malah dadekake permasalahan kang anyar sing isa nambah ruwete dunia pendidikan Indonesia.
 

Akih sing nilai yen anane ketergesa-gesaan waktu proses gawene kurikulum 2013 iki. Akibate sing diwenehake marang masyarakat ora rata lan namung sedela. Uji cobane namung sekian bulan tanpa anane sosialisasi sing rata saka pamerintah, sahingga ora kabeh pihak isa ngrasakake. Guru-guru sing ana ing daerah terpencil menawa malah lagi beradaptasi marang KTSP, lan saiki malah ndadak kudu biyasakake maneh marang rancangan kurikulum sing anyar.
Akih perubahan-perubahan saka kurikulum kang anyar iki. Isa dideleng saka segi pemberian nilai utawa skor. Metode pemberian nilai saka kurikulum sing anyar iki yaiku wis ora ngango angka maneh, ananging nganggo simbol huruf. Misale, nilai “A” yaiku setara karo nilai 3.70-4.00. tentune metode sing kaya mangkene iki isa dadekake guru utawa wali murid dadi bingung, amarga durung mangerti maksude. Isa dideleng uga saka segi pemberian mata pelajarane. Perubahan-perubahan kang isa ditemukake saka kurikulum kang anyar iki yaiku penghapusan lan disisihake mata pelajaran tertemtu. Alasane ngurangi beban lan penderitaan siswa, lan kurikulum iki namung musatake marang target pendidikan wae. Misale wae pelajaran Bahasa Daerah kang anduweni nasib miris, bahasa daerah iki uga diganti lan didadakake siji karo pembahasan materi ngenani mata pelajaran Seni Budaya. Pelajaran Bahasa Inggris uga rencanane bakalan dicabut saka bangku SD/MI. Alasane yaiku mantebake lan nguatake bahasa nasional Indonesia kanggo para siswa.
 

Tentu wae ana sebagian pihak (guru) sing isa narima kebijakan Kurikulum 2013. Tapi nyatane, akih-akihe guru padha nentang marang kebijakan kurikulum iki. Kerana para guru menehi komentar, sarate yen oleh sertifikat profesional, seorang guru kuwi dituntut supaya isa ngajar ing sajerone jumlah jam tertentu. Guru tentu wae ngrasa keberatan yen jam ngajare kuwi dikurangi. Durung maneh permasalahan kanggo guru-guru sing mata pelajaran sing diampu kuwi dihapus. Terus arep digawa ning ngendi guru-guru sing ora duweni jam ngajar maneh. Kepriye uga nasibe ribuan guru-guru sing tahun demi tahun ngabdikake ngilmune marang sekolah-sekolah.
 

Ning sisi liyane, siswa utawa siswi katon acuh tak acuh marang perubahan kurikulum sing arep dheweke adepi. Kerana pancen lumrahe ing njero dunia pendidikan kitha, siswa utawa siswi cenderung didadekake objek sing diarahkan perilakune ngikuti kemauan guru utawa para pengambil kebijakan kuwi.
Mbok menawa, kebijakan iki digawe supaya dadi bekal siswa-siswi ing mangsa sing arep teka, lan supaya isa nerusake perjuangan para pendahulune. Sahingga sumber daya manusia bakalan isa munggah drastis. Ananging, apa iya pelajaran Bahasa Inggris kanggo bocah-bocah SD/MI bakalan disingkirake. Padahal miturutku pelajaran sing berbasis internasional kuwi kudu ditanemke sejak bocah kuwi nginjak ana ing sekolah dasar, supaya siswa kuwi isa ngerti lan paham babagan bahasa ing luar negerine dhewe. Pamerintah uga kudu pinter-pinter ngatur supaya Basa Indonesia lan Basa Daerah iki ora disisihke lan ora kegerus dening Basa-basa Asing sing dipelajari para siswa lan siswi. 

0 komentar:

Posting Komentar