Adat Tatacara Panganten Jawi; Panggih Panganten



Panganten kakung sampun dumugi sarta lumebet pendhapa, nanging taksih jumeneng ngrantu badhe wiwitipun upacara panggih panganten. Panganten kakung ngasta sekar gantal kangge upacara balangan. Sekar gantal punika dumados saking sedah (ron suruh) ingkang kalinthing, lajeng kaisenan jambe, apu, nuli kaiket mawi benang lawe sampun ngantos udhar. Manawi sampun sumadiya, panganten kakung lajeng katuran lumampah alon sacekap, kalaras miturut ungel wiramaning gangsa, mapag panganten putri.

Panganten putri ingkang sampun lenggah ngrantu, katuran jumeneng sarta lumampah alon sacekap tumuju kori tengah pendhapa kangge nindakaken upacara balangan. Sadaya upacara kairingan dening para sesepuh. Sasampunipun panganten putri ngasta gantal, sadumuginipun ngajeng kori tengah, upacara balangan lajeng kawiwitan. Sinten ingkang badhe mbalang gantal langkung rumiyin kasumanggakaken miturut pirembagipun.

Manawi panganten kakung ngagem kuluk utawi udheng, langkung rumiyin binuka sakedhik, kangge kausap mawi toya sekar ing sirah/palarapan dening pinisepuh ingkang tinanggenah. Pinisepuh ingkang mbikak kuluk/udheng, dene garwanipun ingkang ngusap kanthi toya sekar ambal kaping tiga. Kuluk/udheng lajeng kawangsulaken malih kanthi sae. Panganten putri lajeng jengkeng ing ngajengipun panganten kakung saperlu nata tigan ayam cacah tiga ingkang badhe kapidak dening panganten kakung ing upacara midak tigan.

Tigan kacawisaken kanthi winungkus plastik, murih manawi kapidak ingga pecah boten damel reged. Tigan cacah tiga kaseleh ing nginggil bokor. Sasampunipun cekap, panganten putri lajeng ngulap sukunipun panganten kakung mawi toya sekar setaman kaping tiga. Jaman rumiyin, pikajengipun kangge ngulapi sukunipun panganten jaler ingkang kotor sasampunipun upacara midak tigan.

Salajengipun, panganten putri jumeneng jajar ing sakiwanipun panganten kakung. Panganten kekalih lajeng lumampah lirih sesarengan tumuju dhampar panganten. Ing sawingking panganten kekalih, ibunipun panganten putri ndherek lumampah kanthi ngasta sindur ageng ingkang kakrukubaken dhumateng panganten kekalih.

Sadumuginipun ngajeng dhampar, panganten kakung lajeng lenggah dhapar sisih tengen, dene panganten putri lenggah ing dhampar sisih kiwa. Nuli kalajengaken upacara kados ing ngandhap punika:

Upacara Dhahar Klimah. Panganten kakung kapurih nedha sekul walimah lawuh pindhang antep. Pindhang antep punika wujud ulam terik mawi kluwak. Panganten kakung lajeng ngepel sekul, kadulangaken dhateng panganten estri.
Upacara Kacar-kucur. Panganten kakung paring guna kaya dhateng panganten estri. Patrapipun, panganten kakung ngesokaken gunakaya (kacar-kucur) ingkang dipun- wadhahi klasa bangka. Kacar-kucur punika isinipun kacang, kedhele, wos jene, arta receh/pecah suwang saprapat. Katampi panganten estri kanthi ngginakaken kacu gembaya, inggih kacu ageng ingkang warninipun abrit. Anggenipun nampi sampun ngantos wonten ingkang kecer. Sabab warilipun gesang mindhak boros.
 

Dening panganten putri guna kaya nuli kaaturaken ingkang bu. Dening ingkang ibu tumunten winadhahan ing klemuk sarta kaseleh ing sangajeng petanen, celak kursi panganten. Klemuk cacahipun kedah kalih. Klemuk ingkang satunggal isi kacar-kucur, ingkang lebetipun isi wos jene, kluwak, kemiri gepak, jendhul, bendho, tigan ayam, arta suwang saprapat. Klemuk ingkang satunggal isi toya tempuran.

Ing nalika upacara kacar-kucur, para ibu pinisepuh sesarengan ngandika makaten: “Kacar kucur atuta kaya sedulur, kacang kawak kedhele kawak atuta kaya sanak”.

Upacara Pangkon. Sasampunipun upacara kacar-kucur, panganten kakung lan putri lajeng kapangku dening ramanipun panganten putri. Panganten kakung ing sisih tengen, dene panganten putri ing sisih kiwa. Ibu panganten putri tumuli tanglet dhumateng ingkang garwa “Anake abot endi Pake?”. Dipun jawab ingkang garwa “Padha bae abote.”
Upacara Panggih Panganten ingkang kasebat ing nginggil, punika upacara panggih kagem panganten kakung ingkang taksih jejaka pikantuk panganten estri ingkang taksih rara/prawan.

Nanging Upacara Panggih Panganten wonten wewaton malih, manawi:

– Prawan pikantuk dhudha kembang (dhudha dereng kagungan putra), saratipun penganten putri kedah nyiram tumper wonten tengah kori.

– Jejaka pikantuk randha lanjar (randha dereng kagungan putra), wewatonipun penganten kakung kedah nyiram tumper wonten tengah kori.

– Penganten kakung utawi penganten putri pikantuk sedherek misan, saratipun kedah madhung tumpeng ing sanginggiling pipisan.

– Lare ingkang kanikahaken dhawah pambajeng (langkung-langkung lare estri), dipunwonteni Upacara Bubak Kawah. Tatacaranipun sami, nanging katambah cawisan rujak manis sarta rujak degan. Caranipun, sabibaripun pangih, rujak manis lan rujak degan kaladosaken kagem bapakipun panganten estri. Ingkang bapa lajeng dipuntakeni semahipun, “Rujakipun eca pundi, Pak? Rujak degan kalih rujak legi?”. Wangsulanipun ingkang bapa makaten: “Seger sumyah. Wis ora ana sing kurang, Bu”.


Busana Basahan Panganten Ngayogyakarta

– Lare kang kanikahaken dhawah wuragil (langkung-langkung lare estri), dipunwonteni Upacara Tumpak Ponjen. Inggih punika upacara pangkon, kalajengaken upacara ngedum ponjen. Ponjen-ponjen (kanthong, pundhi-pundhi) kadamel saking barang sembet (gombal) warna-warni, lajeng kaisi anggi-anggi bumbon craken/jamu, arta selaka, arta tembaga sapepakipun. Langkung utami mawi arta emas. Ponjen-ponjen nuli kasok ing sangajeng panganten, nuli kangge rebatan sadherek-sadherekipun panganten tuwin para putra wayah sanesipun. Nanging arta-arta wau lajeng kawangsulaken malih.

Kanthi makaten Upacara Panggih Panganten sampun paripurna. Kalajengaken pangandikan atur panuwun saking ramanipun, panganten putri (utawi priyantun ingkang kapatah). Sasampunipun cekap, lajeng pasugatan kawedalaken. Manawi wonten lelangen (acara kesenian) inggih saged nuli kawiwitan. Pasugatan ugi wiwit kawedalaken ngantos sacekapipun.

Adicara salajengipun panganten sarimbit katuntun mrepegi para lenggah, sarta katepangaken dhumateng para rawuh, utaminipun para tamu pangageng sarta tamu ingkang kinurmat. Lajeng kawontenaken Panganten Kirab. Inggih punika panganten kakirabaken Maksudipun amrih sadaya para lenggah ingkang wonten wingking saha sadaya ingkang paring pambiyantu, para sinoman tuwin sanesipun, saged mriksani kanthi trawaca panganten kekalih. Salajengipun panganten kekalih lumebet dalem saperlu tukar busana.

Manawi sampun cekap, panganten sarimbit tindak dhateng pendhapa malih sarta lenggah ing dhampar panganten. Sasampunipun kapanggalih cekap ing samudayanipun, panganten sarimbit lajeng mandhap saking dhampar panganten, kalarabaken tumuju sangajeng pendhapa minangka asung pakurmatan dhumateng para tamu ingkang badhe kondur. Para tamu paring pamuji donga pangestu dhumateng panganten kekalih. Ing wekdal punika, bapa-ibu panganten sarimbit, sesepuh, sarta sadherek sanesipun sami ngampingi panganten.

(Wonten Sambetipun)


http://www.panjebarsemangat.co.id/adat-tatacara-panganten-jawi-panggih-panganten

0 komentar:

Posting Komentar