Ati, Bisa Molah-Malih



Ati mono kalebu peranganing awak sing utama. Upama awak iku sawijining komputer, ati kena dipadhakake piranti lunak. Mapane ing rongga dhadha sisih ngisor. Senajan kalebu organ jero nanging ati bisa dirogoh. Apa ora mbilaheni?

Miturut kagunane ati iku kalebu organ ekskresi, yaiku organ sing dadi papan mrosese zat-zat sing wis ora migunani tumrap awak, sing arupa cairan, kayata urin, kringet, lan uga banyu. Dene sing diasilake ing ati wujud cairan empedu, sing saben dina watara setengah liter akehe. Empedu sing wernane semu ijo iku diwadhahi kanthong empedu (vesika pelea), wong Jawa olehe ngarani peru.

Menawa saluran empedu iku katutup kolesterol bisa nuwuhake batu empedu, mahanani empedu ora bisa disimpen ing jero kanthong empedu lan langsung tumuju mlebu ing peredaran getih. Wusana warna getih dadi semu kuning, lan iki sing diarani penyakit kuning.

Ati uga dadi papane ngrombak 10 yuta sel darah merah sing wis tuwa (rusak), dadi bisa dipigunakake maneh kanggo kepentingan organ liyane. Lan uga minangka siji-sijine kelenjar sing bisa ngasilake enzim orginase. Dene enzim iki bisa milah-milah asam amino orginin dadi asam animo ornitin lan urea. Dene asam animo ornitin iku duwe faedah ngiket CO2 lan NH3 sing nduweni sifat racun. Mula bisa dibayangake, yen ati iku rusak, ora bisa dimanfaatake maneh. Anane mung nuwuhake lelara.

LARA ATI

Yen ana wong sing dienyek utawa ora diajeni adate banjur kandha lara atine. Kamangka ora ana gangguan apa-apa tumrap “kerjane” ati. Wong iku tetep sehat wal afiat. Isih kuwat mlayu adohe sepuluh kilometer, isih bisa numpak pit, isih gelem nyambut gawe. Nanging geneya wong kasebut kandha lara atine?

Ing hadis Nabi Muhammmad SAW disebutake ing jero awak iki ana perangan sing yen kahanane apik, bakal becik kahanane umat manungsa. Suwalike yen barang kasebut rusak, bakal rusak kabeh lelakone manungsa. Barang kasebut yaiku ATI. Mangka lara iku kalebu kahanan sing lagi ora apik. Mula ora aneh yen wong sing lagi lara atine bisa nesu, ngamuk, malah nekad ngayut tuwuh. Kok ya cupet temen nalare?

NGROGOH ATI, NGRANGGEH REMPELA

Apa bener ati iku bisa dirogoh? Yen diwawas saka segi ilmiah kok kaningaya temen? Nanging yen winawas sacara simbolik, cetha manungsa iku bisa dirogoh atine. Ati mujudake punjer moral sosiale manungsa. Mula yen ana wong sing kejem lan wengis, adate banjur diarani wong ora duwe ati nurani. Wong yen wis bisa ngrogoh atine wong liya sarta katurutan sedyane, adate banjur dadi ngambra-ngambra kekarepane. Yen wis oleh ati banjur kepengin ngranggeh rempela. Nglunjak, sakarepe dhewe.

MAMBU ATI

Senajan wis dibungkus kanthi rapet lan primpen, tetela sing jenenge ati iku tetep bisa “diambu”. Mambu ati kena diarani wis dadi kembange wong urip. Kamangka yen bener-bener mambu, wah, bakal ngerteni wewadine wong liya. Beja dene Gusti Allah wis nakdirake yen manungsa iku ora duwe kaluwihan kaya mangkono. Mambu ati mung bisa dimangerteni lan dirasakake dening wong sing lagi duwe rasa sir mligine marang liya jinis. Dene sing lagi disir ora mesthi bisa ngrasakake yen ana wong liya sing lagi mambu ati marang dheweke. Mula wong sing lagi mambu ati marang wong liya adate goreh banget. Yen ora kepethuk sajak kepengin banget kepethuk, nanging yen wis adhep-adhepan adate banjur dadi blingsatan. Clegukan ora bisa ngomong. Apa maneh yen olehe “jatuh ati” iku kanggo sing pisanan sawise ngancik dewasa. Wah, wah….

NGATI-ATI

Geneya mung ati wae sing kanggo tandha pepenget? Apa ora ana bagiyan awak liyane sing kena kanggo pepeling lan pepenget. Upamane sikil, tangan: nyikil-sikil, njantung-jantung, lan liya-liyane?

Nalika putra-putri panjenengan arep lelungan adoh utawa nggawa barang sing pengaji, mesthi diwanti-wanti supaya sing ngati-ati. Ngati-ati aja nganti lena, bokmenawa ana copet, ngati-ati neng dalan aja menga-mengo. Apa maneh yen ana sesambungane karo dhuwit, “Ngati-ati Ndhuk anggone nganggo dhuwit, iku mung pas-pasan. Kudu cukup kanggo sawulan lho….”

Adate bocah sing dikandhani banjur muncu-muncu, “Walah Ibu iki, kok ora percaya temen karo aku.”

Pancen sing jenenge bocah durung ngerti sepira angele golek dhuwit. Ngertine mung njaluk lan kudu dituruti. Niru cilikane bapake biyen he… he… he!

BISA ATOS

Ati iku dadi papan dununge wateg. Wateg iku ilange yen wis dipeteg, dikubur. Wong sing atine “atos” sering disepatani wong liya. Apa maneh wong sing atine atos iku duwe panguwasa, duwe raja brana alias sugih, utawa kaluwihan liyane sing ora diduweni dening wong liya. Ing samubarang kalir njaluke menang utawa dimenangake. Anggepane apa-apa iku bisa dituku nganggo dhuwit. Dikandhani ngeyel, diwenehi ngerti ngakune wis pinter, adate omongane sengak, ana ing sesrawungan karepe kudu dadi pemimpin.

Geneya ilange wateg yen wis dipeteg? Manungsa iki asale saka lemah, lan bakal bali maneh marang lemah. Mula yen wis dipeteg dikubur neng lemah bakal bosok, ora ngribeti maneh ing pasrawungan.

Ature: Aris Hidayatno

http://jayabaya.wordpress.com/2006/07/05/ati-bisa-molah-malih/


0 komentar:

Posting Komentar