Rendahe Moral Kawula Mudha



Masa mudha yaiku masa kang indah, masa kang wis padha mulai anduweni idola dhewe-dhewe lan mulai tertarik marang samubarang prakara sing ana ing njero pikirane. Sahingga kawula mudha kuwi luwih condong niru prakara sing lagi ngetrend ing zaman saiki. Ananging, biyasane sing luwih ditiru kuwi kurang cocok, kerana bertentangan karo aturan, kebiasaan, adat istiadat, sarta aturan agama. Sahingga bakal dadekake prakara sing isa ngrusak moral sing ana ing awake dhewe. Kerana ing masa mudha yaiku masa-masa kang isih labil lan ing masa mudha uga yaiku masa kang isa diarani “proses pencarian jati diri”. Zaman saiki ora sithik para kawula mudha sing wis ninggalake norma lan aturan sing wis ana ing masyarakat kerana dipengaruhi samubarang prakara sing nglatar belakangi.
 

Salah sawjine prakara sing nglatar belakangi lan dadekake pengaruh marang pendidikan moral para kawula mudha zaman saiki yaiku gampang mlebune budaya asing ing Negera iki tanpa anane wates, pencegahan lan penyaringan dening para pamerintah. Akibate akih budaya asing negatif sing masuk ing Negara iki, jelas-jelas budaya iki ora cocok lan cenderung ngrugekake, kerana budaya asing iki gampang ngracuni pikiran lan  morale para kawula mudha.
Contoh gampange kaya mangkene, ngenani trend gaya pakaiyan kawula mudha zaman saiki, kawula mudha anduweni cara dhewe-dhewe kanggo narik perhatian marang siji lan sijine, misale nganggo pakaiyan sing nyleneh, amburadul, utawa tampil bedha karo liyane. pakaiyan sing dinggo serba mini lang ngepres, ananging sing kaya mangkono kuwi malah dadi kasenengane bocah putri. Sinaosa sing lanang luwih pede marang aksesoris-aksesoris sing tememplek ing awake, misale gelang, kalung, tindik lan liya liyane. (Sumber : http://bikin.web.id/tag/pakian-masa-kini/)

Saka kasus-kasus ing duwur, gaya hidup remaja putri kuwi luwih seneng nganggo pakaiyan sing gampang ngetokake aurate. Prakara kuwi salah sawijine prilaku sing ora apik lan ora sopan. Amarga prilaku sing kaya mangkono bisa dadekake tindak kejahatan yaiku pemerkosaan. Dadi kawula mudha kuwi kudu anduweni sopan lan aturan, tentune kitha kudu isa njunjung duwur nilai-nilai kesopanan lan kesantunan ing sajrone berpakayian. Ora malah kitha ngrusak kepribadian bangsa Indonesia sing jarene bangsa kang anduweni moral lan etika. Aja malah gampang terpengaruh marang hal-hal sing anyar utawa lagi ngetrend. Ananging kitha kudu pinter-pinter memilah lan memilih kabudayan sing mlebu ing awake dhewe, supaya kitha ora gampang keblinger marang kabudayan sing ora cocok marang kapribadian bangsa Indonesia.

Ing zaman sing serba modern iki, kudune generasi mudha penerus bangsa Indonesia supaya memperdalam ilmu agamane, kerana yen salah sawijini individu gelem memperdalam ilmu agamane bakal anduweni kepribadian sing luhur lan ora gampang kegodha marang prakara-prakara sing negatif. Wong tuwa uga anduweni peranan penting marang kepribadiane anak, luwih-luwih supaya merhatekake tingkah laku lan pergaulan anake. Sebab anane perhatian sing wus diwenehake saka wong tuwa, anak bakalan luwih terkendali lan ora gampang keblinger marang prakara sing negatif. Wong tuwa uga kudu ndidik kepribadian sing bagus marang anak awit cilik. Kerana pendidikan sing diwiwiti saka cilik bakalan luwih tertanam ing njero kepribadiane anak.

Saka kasus-kasus ing dhuwur, moral lan gaya hidup remaja Indonesia ning era globalisasi iki isa disimpulake yen wis padha ngalami karusakan lan banget perlune disempurnakake. Sebab yen ora cepet-cepet diperbaiki, nasib bangsa Indonesia sing arep teka bakalan luwih miris lan mrihatinke.

Ing zaman sing serba modern iki dibutuhake kesadaran tinggi saka masing-masing individu supaya isa ngrubah lan memperbaiki prilaku lan morale. Kerana saka kesadaran awake dhewe, prilaku kitha bakalan isa diperbaiki tanpa anane paksaan saka pihak ngendi wae. Sahingga asile bakalan luwih muasake lan insyaallah nasib bangsa Indonesia iki, sepengarepe bakalan luwih makmur lan sejahtera kerana dipimpin dening wong-wong sing anduweni kepribadian lan moral sing apik.

0 komentar:

Posting Komentar