http://www.kelasjawa.com/2014/08/cerita-wayang-pandawa-lima-silsilah.html
PANDAWA LIMA
Crita
wayang sing paling digandrungi masyarakat iku lumrahe cerita kang megepokan
karo serial Mahabarata. Sanadyan cerita Ramayana anane luwih dhisik nanging
prayata kanggone wong jawa crita wayang Mahabarata katone luwih digandrungi.
Bab iki kabuktekake kanthi anane paraga wayang utawa gambar wayang kang
dipasang ing saben omah.
Akeh-akehe sing dipasang ingkana paraga cerita
Mahabarata. Kaya mangkono iku nuduhake Manawa kang duwe omah pancen wis tepung
lan nduweni tokoh kaya kang di idolakake iku.
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah
diarani Pandhawa Lima Puntadewa ya Yudhistira minangka putra pambayun, watak
ambeg darma lan nrima ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan.
Raden Werkudara ya Bima sena gedhe dhuwur lan
gagah prakosa kang nomer loro, Raden Janaka ya Kumbang Ali-ali kang kondhang
ngganthenge, prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa,dene Nakula
Sadewa mujudake satriya kembar kang uga duwe watak utama, ambeg darma, lan
luhur bebudene. Wiwit cilik mula wis katon luhuring
budi,seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.
Raden
Puntadewa iku peparab liyane Yudhistira, Dwijakangka, Gunatalikrama, Darmakusuma,
kratone manggon ing Ngamarta utawa Indraprasta. Panjenengane kagungan garwa
Dewi Drupadi putra putrine Raden Drupada, ratu ing Negara Cempala utawa
Pancala.
Werkudara satriya ing Jodipati garwane aran
Dewi Arimbi. Arjuna satriya ing Madukara garwane Dewi Sembadra lan Srikandi.
Nakula Sadewa satriya ing Sawojajar. Cethane Pandhawa lima iku watak lan tindak
tanduke kena kanggo tepa patuladhane para kawula mudha. Apamaneh kadigdayan
lelimane mujudake satriya kang pilih tandhing.
Nalika
dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa wis bisa ngatonake kepinteran lan
keprigelane. Raden Arjuna prigel menthang gandhewa lan trampil migunakake
keris. Raden Werkudara dhasar gagah prakosa kondhang kagungan sanjaya kuku
Pancanaka lan gada rujak pala. Pandhawa katon luwih prigel keimbang murid
liyane. Ewasemana, ora tau lan pancen ora
seneng pamer kadigdayan.Malah watake andhap asor lembah manah lan
ngajeni marang sapepadhane.
Akeh
lelakon kang dilakoni Pandhawa
kasengsaran iku mau dituwuhake saka Kurawa kang kepingin nyirnakake Pandhawa.
Wusanane kabeh kasangsaran iku bisa kasil kabengkas lan kuwat dilakoni. Beda
banget karo Kurawa sing ora kuwat nglakoni.
Pranyata
menawa dideleng ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih kadang, sebab
Pandhawa iku putrane Prabu Pandhudewanata. Sedenge Kurawa iku putrane Prabu
Destrarastra. Prabu Pandhu Dewanata iku kaprenah adhine Prabu Destrarastra.
Apa
sebabe dene ing antarane kadang Pandhawa
lan Kurawa ora bisa rukun? Iki amerga
Dewi Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata nanging kena apa kok
malah diwenehake marang kangmase sing wuta iku ?. Mula banjur nibakake
pangipat-ipat manawa besuk saturun-turunne bakal dadi mungsuh bebuyutan
http://www.kelasjawa.com/2014/08/cerita-wayang-pandawa-lima-silsilah.html
http://www.kelasjawa.com/2014/08/cerita-wayang-pandawa-lima-silsilah.html
Geguritan
SUWARA BATINKU
Pancen ora ana sing krungu panjeritku
Apa maneh tangis sing nyelimuti batinku
Sajroning batin iki ngrasa
Yen urip iki wis ora ana guna
Urip iki wis bubrah
Nggladrah lan ora genah
Urip ning donya iki pancen abot
Nanging kudu dilakoni kanthi setiti
Supaya urip ning donya iki
Bisa sampurna lan duweni arti
KANGGO KANCA
Biyen, tanganmu genggem tanganku
Biyen, pundakmu ana kanggo aku
Biyen, guyumu nentremake atiku
Nanging saiki....
Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh,bayangna
Apa sejatining kahanan sajroning donya
Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sakjroning manah atiku
Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku
Kanca lan kancaku
Elinga rasa atiku iki
Jaganen rasaning welas asih iki
KASIH SAYANGE WONG TUWA
Uripku ing donya mung kangge eling marang Gusti Allah
ingkang sampun kirimke bapak lan ibu kangge jaga kula
Lan ngancani kula wektu seneng lan susah
Sing maringi kasih sayang ingkang kathah
Sing ora kenal pegel lan sayah
Maha Kuwasa panjenengan Gusti
Wong tuwa kadya kembang ing taman
Kang taseh mekar makantar-kantar
Matur nuwun Gusti
Ingkang sampun maringi kula
anugrah kang sampurna
SREMPETAN
Rupamu ayu kaya ratu
Nalika aku ketemu marang sliramu
Awakmu gawe bungah atiku
Dadekake aku tresna marang sliramu
Sliramu cahya ning atiku
Lintang-lintang sing padang kaya atimu madangi atiku
Tingkah lakumu kaya alusing jiwamu
Astomu alus kaya atimu
Mesemu iku sing gawe aku ora bisa turu
RASANING ATI
Geneya aku kudu ngerti kowe
Geneya aku duweni rasa tresna karo kowe
Yen akhire kadadeyane kaya mangkene
Dina-dinaku rumangsa kagubeng dening mendung
Ati iki krasa mati lan suwung
Urip iki rinasa wis tanpa guna
Ati iki isine namung rasa lara lan cuwa
Nalika eling lakumu
Pituturmu lan esem manismu
Dadekake aku ngerindu marang sliramu
Nanging wis tak coba lila
Senajan krasa abot ing dhadha
SKS (Sistem Kebut Sewengi)
Senengane ngende-ende wektu
Ora tau dipikir ngelu
Ora tau digawe nesu
Amarga kuwi pancen perlu
Yen ana tugas
Ora usah digagas
Ora usah dipikirake
Nanging dikerjake
Yen wis wancine
Kabeh tugas kudu dikumpulake
Senajan sirah ngelu, awak lesu
Amarga ora tau turu
Ya kuwi akibate yen ngende-ende wektu
Mulane aja seneng dolanan wektu
Amarga wektu iku
Kaya pedang sing isa gawe tatu awakmu
Gunakake wektumu
Namung kanggo sinau
Saben dina padha nongkrongi kowe
Nganti ora ngerti wayah isuk lan sore
Saben ana masalah utawa apa wae
Mesthi mlayune ning kowe
Wong padha ngmongake apa wae
Nanging kowe malah meneng wae
Ora ngamuk ora nesu utawa kepiye
Aku heran karo kowe
Aku ya iri karo kowe
Geneya aku ora isa kayak owe
Nrima prakara apa wae
Kanthi apa anane
SINAU GAMELAN
Gamelan…
Nyinauni kowe pancen angel tenan
Mesthi duwe rasa ngelu ning pikiran
Mesthi gawe judeg pikirku
Amarga saking angile materimu
Nanging ora ana rasa nresula
Amarga aku kepingin isa
Ora ana rasa kecewa lan murka
Amarga wis kadung tresna
Kanthi sinau sing tenanan
Moga-moga wae aku isa dolanan gamelan
Amarga kuwi gegayuhan
KENANGANKU
Mbiyen kowe tak puja puji
Dak tresnani
Kanthi tulusing ati
Mbiyen tau ana rasa tresna
Nanging saiki wis ora ana
Amarga rasa tresna iki wis lunga
Marani wong liya
Aku jaluk ngapura
Yen aku ora tau bisa
Gawe kowe bahagiya
Maturnuwun ya…
Uripku wis mbuk gawe nelangsa
ORA GENAH
Uripku wis bubrah
Wis ora patiya genah
Rumangsa uripku namung diselimuti rasa susah
Ora tau ngrasakake bungah
Uripku pancen slengekan
Nanging duwe sopan lan aturan
Aku ora peduli wong arep ngomong apa wae
Ya pancen iki aku apa anane
Urip ning donya iki aja digawe susah
Amarga bisa marakake sirah pecah
Lan aja digawe ngelu
Amarga marakake ora isa tura
Uripa kaya banyu
Sing mili terus kanti esem lan guyu
Gandamana Luweng
Gandamana yaiku adike Dewi Gandawati, permaisurine Prabu Drupada ana ing kerajaan Cempalaradya (Pancala). Bapake jenenge Prabu Gandabayu, sak wise kakake dadi permaisuri, Gandamana terus diangkat dadi patih ana ing kerjaan Cempalaradya, ananging sak durunge iku, Gandamana tahu dadi Patih ana ing Negeri Astina waktu sing mimpin kerajaan Prabu Pandudewanata.
Waktu kakake Dewi Gandawati nginjek dewasa, Gandamana sing arep milihake jodohe kanggo kakange kuwi. Sak wise dheweke entuk izin saka Bapake, dheweke banjur nganakake sayambara. Sapa wonge sing isa ngalahake Gandamana ing sajroning adu kesaktian, dheweke lah sing isa nyunting kakange Dewi Gandawati dadi istrine.
Akeh Raja lan Pangeran sing melu sayembara kuwi, ananging ana siji sing bisa ngalahake Gandamana yaiku Bambang Sucitra. Akhire Sucitra kuwi dadi bojone kakange yaiku Dewi Gandawati lan dheweke uga dadi pewaris tahta ana ing kerajaan Cempalaradya. Sak wise Prabu Gandabayu wafat, Bambang Sucitra banjur naik tahta dadi Raja ana ing kerajaan Cempala lan anduweni gelar Prabu Drupada.
Gandamana kuwi anduweni sifat jujur, ora kakean omong, patuh karo deduwurane, dheweke gampang ngamuk, kendel,ora wedi karo sapa wae, wonge gagah, gedhe duwur lan anduweni sikap bijaksana.
Nalikane Gandaman jabat dadi Patih ana ing Negeri Astina, dheweke pernah difitnah karo Harya Suman adike Dewi Gendari sing dadi bojone Prabu Destarasta.
Ceritane kuwi ana utusan teka saka Prabu Trembaka (Raja Pringgadani), lan sing nampa utusane kuwi Harya Suman. Maksut utusane Prabu Trembaka nyampeake surat kuwi, ya mung kanggo jalin seduluran karo Prabu Pandudewanata (Raja Astina), amarga Prabu Trembaka mung ketemu karo Harya Suman, banjur Prabu Trembaka ngakon Harya Suman supaya surat kuwi disampeake nyang Prabu Pandudewanata.
Nalikane Patih Gandamana arep ning kerajaan Pringgadani kareben dheweke arep nyegah peperangan antarane karajaan Astina karo Kerajaan Pringgadani, dheweke kuwi kajebak ana ing sajroning luwengan, Harya Suman sing ngerti kajadian kuwi, dheweke ora gelem nulungi, malahan Dheweke lunga karo rombongan prajurit Astina menyang bali ing Negeri Astina.
Sak wise Harya Suman teka ana ing Kerajaan Astina, dheweke laporan Karo Prabu Pandudewanata, ngenani matine Patih Gandamana ana ing sajroning peperangan, Prabu Pandu ya mung manut wae karo omongane Hrya Suman sing ngayawara kuwi, ora mikir suwe, banjur Prabu Pandu kuwi dadeake Harya Suman Patih ana ing Kerajaan Astina.
Sak wise waktu kepunkur suwe, banjur Gandaman isa metu saka luwengan kuwi, dheweke banjur mulih ana ing Negeri Astina. Kabeh wong sing ana ing Kerajaan Astina padha ora nyangka yen Gandaman kuwi iseh urip, sakwise ngaturake panyembah marang Prabu Pandu, ora mikir suwe dheweke banjur nyeret Harya Suman metu saka jroning Kerajaan.
Amarga dheweke ngrasa yen dheweke dihianati, Patih Gandaman banjur ngejur Harya Suman nganti ajur lan cacat seumur hidup, wektu kuwi uga Gandamana angandika : “ sok emben waktu perang Baratayuda, Harya Suman kuwi matine bakalan ngenes. Awake Harya Suman bakalan tercabik-cabik lan ajur, cangkeme sing dikanggoake mung kanggo fitnah lan ngomong tetembungan sing ngayawara kuwi bakalan disuwek dening musuhe.” Sak wise awake ajur lan cacat Harya Suman banjur dijuluki Sengkuni.
Sak wise ngajar Harya Suman entek-entekan, banjur Gandamana nyuwun panembah karo Prabu Pandudewanata, lan dheweke nyuwun pangampunan marang Prabu Pandu amarga tindakane kuwi wis leluwihan lan kebangeten. Ananging Prabu Pandu kuwi malahan ngamuk lan ngusir Gandaman saking Kerajaan Astina. Sak wise ngana banjur Gandamana ngundurake awake dadi Patih ana ing Kerjaan Astina, lan dheweke banjur bali menyang Kerajaan Cempalaradya maneh.
Sinopsis Novel Garuda Putih, Pinesthi, Tretes Tintrim
Judul Novel : Garuda Putih
Panyerat : Suparto Brata
Penerbit : Narasi
Taun terbit : 2009
Jumlah halaman : 148 halaman
a. Ringkesan
Ing Novel Garuda Putih
kuwi nyeritaake durjana sing kondhang ana ing Surabaya. Akeh kadurjanan sing
wis dilakokake. Nanging angel banget yen dicekel dening para polisi. Garuda
Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dheweke tansah nduweni cara kang
cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan.
Kadurjanan sing kari
dewe sing wis dilakokake dening Garuda Putih yaiku kasuse Abisuna kang mati
diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing
Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya.
Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok
Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana
ing serbet Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya
ngono dening Garuda Putih. Para polisi padha gregeten marang tingkahe si Garuda
Putih kuwi.
Kasus kadurjanan ing
toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh kadurjanan dening Garuda Putih sing kasil mrejaya wong selingkuh
ana ing Hotel Tretes sing jenenge Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda
Putih ra kecekel.
Abisuna yaiku salah sawijining
pejabat pamrentah sing lagi entuk tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna
pamit marang bojone arep lunga saprelu tugas kepara seminggu, ananging malah
nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku
jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu
wong liya. Ananging bojone Abisuna wis ngongkon marang Bagus Pamutih supaya
ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga
dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep ning
hotel kono kanthi saprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati
dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang
padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang
tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana
ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku
ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang
dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki
merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana
ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki
diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang pinter anggone
mbedhah perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka
nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku ponakane
Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan
jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake
tindak kadurjanan Garuda Putih kuwi liwat Rara Sumarni kang cedhak karo
wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kuwi mau
namung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane
gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.
b. Gambaran
umum ngenani Novel Garuda Putih
Gambaran umum cerita
sing ana ing njero Novel Garuda Putih kuwi isine namung ngenani kasus-kasus
kadurjanan sing dilakokake dening Garuda Putih kang gawe budreg pikirane
polisi. Yen wektu polisi lagi arep nindhak lanjuti kasus sing digawe Garuda Putih,
hurung nyampe kasus kuwi iku lebar muncul maneh kasus anyar teka. Amarga yen
Garuda Putih nindakake kadurjana kuwi mesthine ora ana polisi sing bisa nangkap
dheweke, amarga dheweke anduweni pikiran sing pinter lan cerdik. Banjur
kasus-kasus sing digawe dening Garuda Putih iku mau diselidiki dening detektip kang
kondang yaiku Detektip Handaka. Sak wise kasus-kasus iku mau diselidiki dening
Detektip Handaka, kasus-kasus iku mau bisa lebar, ananging Detektip Handaka ora
bisa nyekel Garuda Putih amarga dheweke ora nduweni bukti-bukti sing kuwat
kanggo nyekel Garuda Putih.
c. Pambiji
ngenani Novel Garuda Putih
Miturutku saking Novel
Garuda Putih kuwi basa sing digunakake iku gampang lan isa dimangerteni dening
sing maca, amarga basa sing digunakake kuwi padha karo basa sedina-dinane.
Nangin basa sing digunakake kuwi ya ana basane sing ora patut kanggo dadi
tiruan, kaya ta “Edan, kowe, ya!, “ Lunga! Bangsat, ki!” “selehna! Ben neng
kono! Jancuk, ki!” (hal: 7), lan liya-liyane. Basane uga miturutku dilukiske
kanthi imajinasi sing apik, seolah-olah sing maca kuwi isa ngerasakke suasana
sing ana ing kedadean njero novel kuwi, dadine ora gawe bosene sing maca,
basane uga disisipi basa sing ngandung majas kaya ta, “mbendarani banget!
Ngresepake tenan! Wiss! Elok tenan!” (hal: 21). Ning ukara kuwi pengarang kuwi
seolah-olah numpahake pikirane lewat tokoh Bagus Pramutih nggambarake tokoh Emi
nganggo cara lan basa sing banget leluwihan. Ana maneh kaya mengkene ukarane, “dedege
lencir, cothange dawa nggangsir, kulite kuning kulit nglangsep, lengene mrusuh,
payudarane menthek, gulune ngolan-olan, raine lonjong endhog, poladane sumeh
merak ati, alise rembulan tanggal sepisan, mripate lindri-lindri penyawange
ndamar kanginan..!” (hal: 21). Ning kono tokoh si Jongos seolah-olah gambarake
Tokoh si Emi kanthi nganggo basa sing madakake pawakane si Emi karo
benda-benda. Suasana ing novel kuwi uga digawe seolah-olah kuwi nyata lan
dadeake sing maca kuwi bisa ngrasakke, kaya ta ukara iki, “Hawa pegunungan esuk
kuwi pancen seger. Wayah ketiga, srengenge esuk mencorong, ewadene isih akeh
pedhut nggameng neng ngisor wit-witan. Hawane adhem kekes. Ing sela-selane
omah-omah edi, gedhong-gedhong kang dienggo hotel, akeh taman-taman kembang kan
maneka warna-warnane. Ngresepake pendeleng.” (hal: 23). Kutipan kuwi
seolah-olah gambarake kadadeyan wektu isuk ana ing hotel Argadalu sing dadi
latar ana ing Novel Garuda Putih. Crita lan alur sing ana ing novel uga runtut
lan ora gawe bingung sing maca, dadine sing maca kuwi bisa mahami lan
mangerteni apa sing ana ing njero novel kuwi.
Judul : Pinesthi
Panyerat : R. Ngt. Suisdiyati Sarmo
Penerbit : Azzagrafika
Taun terbit : 2013
Jumlah halaman : 68 halaman
a. Ringkesan
Ana bocah sing jenenge Tanti, bocah kuwi katon
sumringah ana ing sekolahane. Wajahe ayu lan pawakane lencir dadeake
kanca-kancane padha seneng. Dheweke uga pinter, dadeake guru-gurune padha kagum
karo dheweke. Ngancik ujian sekolah, guru-guru nganakake kegiatan kelompok belajar, Tanti entuk sak kelompok
karo Pak Kusna lan Hartono. Ing dina iku cah telu ngrencanaake sinau bareng
ngenani pelajaran itung ana ing omahe Hartono. Bareng kelompok iku mlaku
lancar, sing asale ora ngerti saiki banjur ngerti lan dong. Kira-kira jam loro
awan Tanti isih ana ing omah, ditimbali ibune lan didangu ngenani olehe sinau
kelompok. Sak wise didangu, banjur Tanti mangkat sekolah, tekan sekolahan Tanti
telat nalikane pelajaran Bahasa Indonesia. Sak wise bubar sekolah, kira-kira
jam setengah wolu, Tanti dieterake Pak Kusna bali menyang omahe awit wis wengi.
Bengine Tanti ora bisa turu, amarga dheweke tansah
kelingan karo Pak Marya sing ngerindu ana ing ati. Dheweke uga kelingan marang
Pak Kusna, yen dheweke ana ing cedhake Pak Kusna, rasaning atine Tanti tansah
ayem lan tentrem. Ora krasa panglamune iku mau nganti srengenge jumedhul.
Banjur Tanti tangi di tangekake dening ibune dikongkon adus lan sarapan sing
wus kacepak ana ing meja. Sak wise iku mau, wetara jam setengah loro dheweke
banjur mangkat sekolah ngontel bareng karo Pak Kusna. Ana ing pratelon cah loro
kuwi ketemu karo Pak Marya, ananging lakune Pak Marya kuwi radha sengit karo
wong loro kuwi, ananging Tanti lan Pak Kusna ngadepi iku mau kanthi biasa wae.
Ora krasa srawunge srawune Tanti lan Pak Kusna saya
raket, saben dina dheweke mesthi ngampiri lan ngeterake mulih. Nalika arep
mulih saka sekolahan udan sangsaya deres, nanging Tanti karo Pak Kusna nekad
wae, amarga selak kesoren. Udan saya suwe saya deres, banjur wong loro kuwi
ngiyup ana ing pom bensin. Awake Tanti tansah kepepet-pepet dening Pak Kusna
amarga sing ngiyup wong akih. Gang sadelo banjur udan terang lan wong loro kuwi
banjur mulih. Tekan omah tTanti langsung adus, sabibare adus Tanti langsung
mapan ana ing kamar, dheweke tansah kelingan wektu cah loro kuwi ana ing pom
bensin. Wektu liburan teka, Pak Kusna, Tanti lan kanca-kancane padha liburan
ana ing Clereng, ning kana padha mlaku-mlaku lan blanja. Saya suwe wektu saya
sore, banjur Tanti lan kanca-kancane padha mulih, tekan omah Tanti langsung
mapan wae ana ing kamar amarga banget kesele. Esuke kuwi ibune Tanti teka saka
brebes tilik mbakyune. Tanti mung takon piye kabare keluargane sing ana ning
kana. Ora krasa wis awan, banjur Tanti mangkat sekolah dhewean ora dikancani
pak Kusana kaya adat saben dinane.
Sajane atine Tanti bingung wis sawethara wektu
dikongkon golek bojo dening bapakne. Pamentrahe bapakne yen golek bojo aja wong
ndesa, pikirane Tanti tansah ruwet. Anggepane yen Pak Kusna kuwi ora dadi
criteria bapakne. Kadadeyan iku mau tansah dadi panggalihe atine,
naganti-nganti dheweke lara lan ora mangkat sekolah. Telung dinane Pak Kusna
tilik Tanti ana ing rumah sakitsinambi gawa rambutan. Ning kana Pak Kusna
tansah ngajab-ajab supaya Tanti enggal waras, banjur Tanti kandha apa sing dadi
panggalihe karo pak Kusna, nanging Pak Kusna namung kandha yen babagan iku mau
ra usah dipenggalih. Wektu saya suwe saya awan, arep mulih saka rumah sakit
ananging Pak Kusna aras-arasen, panggalihe
senajan aku ki seneng karo Tanti nanging aku durung wani ngungkapake.
Wis limang dina Tanti ana ing rumah sakit, banjur
dheweke mulih becak tekan Gowongan. Telung dina Bu Hadi ning omahe kukut-kukut
arep pindah ning kidul Negaraamrga dheweke diangkat dadi guru, dene Tanti
ngekos ana ing cedak omahe bapakne. Nalika Tanti teka saka sekolahan, dheweke
entuk kabar saka Bu Kartinah (ibu angkate) yen bapake lagi gerah banget. Banjur
bapakne digawa nyang rumah sakit Pugeran dieterake dening Pak Kusna. Ning rumah
sakit bapakne langsung diperiksa dening dokter, dene Tanti mung nangis wae.
Tanti dieneng-eneng karo Pak Kusna lan diwenehi tembung memanis supaya dheweke
ora nangis wae. Wengi kuwi kira-kira jam sewelas bengi Tanti turu ana ing
sacedake Pak Kusna. Pak Kusna namung nyawang Tanti sing melasi banget. Isuk
kuwi cah loro lunga padha ngabari Bu Hadi babgan larane bapakne, sak wise
ngabari bajur wong loro kuwi padha mulih ana ing omahe dhewe-dhewe.
Ora suwe limang dina bapakne ana ing rumah sakit,
banjur bapakne bisa digawa mulih, bapakne saya suwe saya sehat lan enggal
waras.banjur bapakne eling rembugane karo Tanti ngenani jejodohan. Ananging
Tanti sumaur yen dheweke hurung siap, atine Tanti saya bingung lan mumet
ngrasake masalah-masalah sing diadepi.
Dina sateruse lumaku kaya biyasane, ing wanci wulan
Mei bapakne lara maneh, sing ngrumati ya namung Tanti, ngalor ngidul nganti
tiba tangi. Ing wanci sore, kaya adat saben dinane, Tanti ngajak cerita karo
bapakne sinambi ngarasi sirah, tangan lan sikile sing ngrasa anyep. Banjur
Tanti ngundang suster, sak wise suster kuwi mreksa bapakne, suster kuwi mau
kandha yen bapakne kuwi wis sedha. Tanti kaget banget banjur dheweke semaput.
Tangi-tangi dheweke wis dipangku dening ibune, banjur dheweke tilik bapakne
sing wis selimutan kain putih, ning kana dheweke dedongakake bapakne. Banjur
bapakne kuwi di makamake ana ing Blunyah Gedhe.
Nganti pirang-pirang dina panggalihe Tanti saya
ndadi yen ling marang bapakne, nganti ora krasa Pak Kusna lungguh ana ing
sacedake dheweke. Banjur dheweke diajak mlebu nyang ruang tamu, ning kana Pak
Kusna ngungkapake rasaning atine sing wis suwe kapendem, dene Tanti namung
manthuk wae ngrungokake pangandikane Pak Kusna. Panggalihe campur dadi siji, ya
isin ya seneng uga. Pak Kusna uga kandha yen dheweke bakalan nglamar Tanti, Bu
Hadi keprungu iku mau namung nyetujoni wae, atine Tanti Tansah saya seneng.
Kacarita Tanti wis dadi tunangane Pak Kusna, wong
loro kuwi padha nganggo ali-ali sing an tulisane jenenge wong loro kuwi. Rong
wulan suwene banjur wong loro kuwi diajak rerembugan karo Bu Hadi ngenani olehe
mantu. Sing arep dadi mantune kuwi pakdhene, sebabe ora duweni putra, dene
syarat ijab iku mau Tanti kudu ana ing omahe pakdhene telung sasi suwene. Wong
loro kuwi kaget banget lan mung pasrah wae.
Esuke kuwi Pak Kusna lan Tanti arep ningali
petilasane Pangeran Diponegara, banjur wong loro kuwi pamitan karo ibune. Tekan
kana wong loro kuwi padha seneng-seneng lan guneman ngenani bab kasetyane
dhewe-dhewe. Ora krasa wektu saya suwe, banjur wong loro kuwi padha mulih,
tekan omah wis dienteni ibune ning tersan. Banjur wong loro kuwi diajak
rerembugan karo ibune bab olehe Tanti lunga ana ing omahe pakdhene lan wong
loro kuwi uga guneman ngenani kasetyaan siji lan sijine.
Ing daleme pakdhe lan budhene, Tanti tansah mikir
kangene karo Pak Kusna lan ibune. Banjur Tanti kuwi dikongkon bomah turu dening
budhene amarga wis wengi. Dina lan dina wus dilampahi saya cedak anggone ijab.
Kacitra pener jam siji Tanti lan Pak Kusna diijabake, dene cah loro kuwi saiki wis sah anggone dadi pasangan sing
nyawiji. Saya wengi saya sepi, sedulure padha wis turu, dene cah loro kuwi isis
padha ketap-ketip ana ing kamar. Suwe-suwe gunemane wong loro kuwi padha ora
keprungu, sing keprungu namung unining walang lan kewan-kewan sing metu wayah
wengi.
b. Gambran
umum ngenani Novel Pinesthi
Gambaran umum ngenani isi
Novel Pinesthi yaiku babagan katresnan, kasetyan, lan pengabdian. Katresnan
kuwi dilampahi dening Tanti lan Pak Kusna, pancen bener yen tresna kuwi jalaran
saka kulina, ya kuwi mungkin sing pas kanggo gambarake lelampahane katresnane
Tanti lan Pak kusna. Ananging lelampahane katresnane wong loro kuwi ora
gampang, akeh nglewati masalah- masalah sing diadepi, nanging kabeh masalah iku
mau diadepi kanthi sabar, pasrah lan padha prasetya. Saka prasetya kuwi wong
loro akhire isa nikmati apa sing wus dadi kekarepane wong loro kuwi.
Ing novel iki ora mung nyeritaake
bab katresnan, ananging uga nyaritaake babagan pengabdiane anak marang wong
tuwa. Pengabdiane Tanti marang pak Hadi diceritaake wektu pak Hadi entuk
musibah gerah sing banget. Tanti tansah tlaten banget anggene ngrumati bapake
kuwi, nganti-nganti awake dhewe kuwi ora dipikir, amarga saking peduline anak
marang wong tuwa. Ya tindak laku sing kaya mengkono sing mesthi ditiru dening
anak zaman saiki sing peduli marang wong tuwane.
c. Pambiji
ngenani Novel Pinesthi
Miturutku, basa sing ana ing
jero Novel kuwi isih nggunaake basa campuran antarane ngoko karo basa
Indonesia, kaya ta ukara iki, “ Pak Kus, aja kerep-kerep ngancani aku, lho
mundhak mengundang masalah” (hal. 3), iku mau salah sijine tembung sing
nggunakake basa campuran. Basane uga gampang dimangerteni lan uga gampang
diterima, dadine sing maca kuwi ora dadeake bosen. Ceritane uga digawe simpel
lan ora neka-neka. Ning novel kuwi uga suasane digawe kanthi nganggo basa sing
imajinatif, dadine sing maca kuwi seolah olah isa ngresaake suasana sing ana
ing jero novel, sing maca uga isa ngrasake apa sing dirasaake dening
tokoh-tokoh sing ana ing jero novel kuwi. Sudut pandang sing digawe ana ing Novel
Pinesthi yaiku sudut pandan pertama.
Alur ceritane uga runtut lan
ora gawe sing maca kuwi bingung. Dadine sing maca kuwi bisa mahami pesan-pesan
sing ana ing jero novel kuwi. Sing tak pahami ngenani pesan-pesan sing ana ing
jero
novel kuwi antarane :
Ø Katresnan
kuwi bakal ora awujud yen ora anane kasetyan.
Ø Yen
dadi anak kuwi sak orane kudu anduweni rasa tanggung jawab marang wong tuwa
sing wis ngrumati awake dhewe wiwit cilik nganti gedhe.
Iku mau antarane pesen-pesen
sing isa tak jimuk saka Novel Pinesthi.
Judul : Tretes Tintrim
Panyerat : Suparto Brata
Penerbit : Narasi
Taun terbit : 2009
Jumlah halaman : 148 halaman
a.
Ringkesan
Diceritaake Kuswahartaka ngalami
kadadeyan perampokan ana ing omahe ning daerah Lurung Kurantil Semarang. Barang
sing dijukuk dening perampok yaiku duwek 2jt, sak durunge rampok kuwi mau
njukuk barang-barange Kuswahartaka, rampok kuwi mau padha nyiksa Kuswahartaka
ndisek. Sak wise para rampok padha lunga, Kuswahartaka kepingin banget nyekel
para rampok sing wis ngrampok omahe kuwi, banjur dheweke njaluk tulung marang
Detektip Gambira kanggo nyelidiki kasus perampokan omahe kuwi. Saka asil
penyelidikane kuwi, banjur dimangeteni yen sing ngrampok kuwi jenenge Durmala,
lan dheweke kuwi lagi ndelik ana ing Tretes, Jawa Timur.
Saka sarane ponakane Marwan, terus
Kuswahartaka njaluk tulung karo Detektip Handaka sing asale saka Solo. Saka
asil penyelidikane Detektip Gambira sak durunge, banjur Handaka gelem ngiwangi
dheweke lan mangkat nyang Tretes guna ngiwangi Detektip Gambira anggone nyekel
Durmala.
Tekan ning Tretes, Detektip Gambira
nyamar dadi wartawan Suara Merdeka sing lagi luru berita ning hotel Larasing
Paraden. Ning hotel, Gambira ketemu karo Muchtarum pengusaha sing sugih saka
Jakarta. Ing dina iku uga para tamu akih sing padha teka ana ing hotel, kaya ta
pegawai DPU saka Semarang, yaiku Suradenta, Yusmanan, dan Martinus. Banjur ana
teka maneh wong wedok ayu sing jenenge Waratinah saka Surabaya. Wong telu sing
ngaku-ngaku dadi pegawai DPU kuwi jebul-jebul polisi sing lagi nyamar anggone nggoleki
Durmala.
Ning hotel Waratinah dadi akrab
banget karo Muchtarum, yen are ning endi-endi wong loro kuwi tansah bebarengan.
Terus akhire Martinus kuwi nemokake surate Martinah sing ditulis kanggo Durmala,
para polisi padha kaget lan padha nyelidiki Waratinah kuwi sing nyurigai
gerak-gerikke. Anehe Waratinah kuwi ya wis ngerti yen para polisi kuwi lagi
padha luru Darmala.
Banjur polisi telu iku mau
terus-terusan ngawasi gerak-gerike Waratinah, ananging kelakuwane polisi telu
kuwi mau kadadeyan bocor amarga Mahendra sing duwe hotel kuwi dituduh sekongkol
karo Waratinah. Seliyane Mahendra, Detekip Gambira uga ngerti yen sing nyamar
dadi pegawai DPU kuwi mau ora liya ya polisi.
Sak wise Waratinah ora bebarengan
maneh karo Muchtarum, dheweke meneng-meneng banjur mlebu kamare Gambira sing
lagi adus. Sak wise Gambira wis lebar aduse, dheweke weruh yen Waratinah lagi
ngacak-ngacak kamare, dheweke banjur arep merkosa Waratinah, ananging usahane
iku mau gagal.
Akhire Waratinah bisa metu saka
kamare Gambira lan dheweke ketemu karo Muchtarum, wektu iku Muchtarum awake
lagi pucet banget, banjur Waratinah nulungi Muchtarum diajak ana ing kamare
Muchtarum. Sak wise tekan kamar, Muchtarum isish wae awake pucet lan ra isa
ngomong apa-apa, banjur Waratinah luru sebabe geneya kok Muchtarum manakana,
dheweke nemokake lembaran kertas saka Darmala sing isine ancaman kanggo
Muchtarum, Muchtarum dikongkon nyerahake duwek 2,5 jt.
Ning jero surat kuwi disebutake yen
panggonane kanggo ketemu yaiku ana ing Kuburane Mbah Jaga cerak panggonan
pemandian. Waratinah banjur nekat lunga mrana senajan wektu iku wis surup lan
meh wengi. Dhewek ngliwati suketan sing dhuwur-dhuwur, amarga dheweke krasa yen
dheweeke lagi ditututi wong. Ning kuburan kuwi ana guwa, ning njero guwa kono
Wratinah nemokake mayit, Waratinah kaget banget lan dheweke banjur dicekel
dening Suradenta lan kanca-kancane amarga dheweke dicurigai dadi pelakune. Sak
wise tekan hotel, Mahendra uga dicekel amarga dheweke dituduh yen dheweke kuwi
sekongkol karo Waratinah.
Ning hotel Larasing Paraden,
suasane banget sepine, sing ana mung Muchtarum wae. Dheweke akhire sadar sak
wise dheweke weruh mayat sing ana ing jero guwa cedak kuburan mau. Muchtarum
kaget yen dheweke kuwi lagi ditodong peso dening Darmala, amarga Muchtarum sing
wis suwe diincer dening Durmala. Untunge wae ana Handaka sing cekatan langsung
nyekel Darmal sing lagi nyandra Muchtarum.
Bubar iku mau, banjur Handaka
nyeritaake prakara sing samesthine, yen Durmala kuwi yaiku wong sing
ngaku-ngaku dadi Gambira. Gambira sing asli dhewe kuwi wis dadi mayat sing
ditemokake ana ing guwa mau. Waratinah sabenere ora kancane Durmala, ananging
dheweke mung dijaluki tulung dening Handaka kanggo ngiwangi dheweke, uga surat
sing ditulis Wartinah kuwi mau mung akal-akalne Handaka wae.
b. Gambaran
umum ngenani Novel Tretes Tintrim
Gambaran
umume ngenani isi Novel Tretes Tintrim yaiku ngenani kadadeyan perampokan ning
omahe kuswahartaka ning daerah Semarang. Kuswahartaka kuwi njaluk tulung marang
Detektip Handaka lan Detektip Gambira kanggo nyelesake masalah kuwi. Sak wise
kadaeyan kuwi mau ditelususri dening detektip Gambira, perampok kuwi mau
dimangerteni jenenge Durmala sing lagi manggon ana ing daerah Tretes.
Ning
Novel Tretes Trintim kuwi uga nyaritaake kadadeyan opo wae sing ana ing hotel
daerah Tretes kuwi. Miturut petunjuk sadurunge wis dimangerteni yen ning hotel
kana kuwi ana sasarane Durmala sing sateruse. Ning hotel kana kuwi uga akeh
tamu sing padha nginep ana ing hotel. Sing nginep ana ing hotel antarane yaiku
polisi telu, wartawan, lan wong wadon ayu sing misterius. Nalika wong-wong kuwi
padha ana ing hotel kuwi, akeh kejadian aneh lan janggal sing dadeake kabeh
wong kuwi padha bingung lan kaweden. Nanging akhire kabeh kadadeyan-kadadeyan
iku mau isa diungkap kabenerane dening Detektip Handaka.
c. Pambiji
ngenani Novel Tretes Tintrim
Miturutku
Novel Tretes Tintrim iki menehake alur ceritane kuwi sing menegangkan, bedha
karo novel-novel roman liyane sing umume nyeritaake babagan katresnan
(percintaan). Alur sing digunaake ana ing cerita kuwi jelas lan runtut. Sak
liyane kuwi ceritane uga relatif sederhana lan ora gawe bingung sing maca.
Kabeh misteri sing ana ing kadadeyan-kadadeyan jero ceritane kuwi gawe rasa
penasarane sing maca, dadine sing maca kuwi pengen mangerteni kadadeyan-kadadeyan
sing sateruse.
Basa
sing digunakake ing jero novel kuwi uga gunakake basa Jawa ngoko, dadine
bahasane kuwi gampang dimangerteni lan gampang diterima ing kalangan masyarakat
Jawa. Seliyane kuwi tata bahasane uga pas karo ketentuan sing wis ana ing
penggunaane basa Jawa. Ananging wong-wong sing ora bisa lan ora mangerteni basa
Jawa bakalan nemokake rasa kangelan ana ing jero novel kuwi.
Keseluruhane,
Novel iki layak didadekake bacaan kanggo para penggemar novel-novel jawa sing
wis bosen karo cerita-cerita sing berbau percintaan utawa mistis. Ceritane sing
padet ananging berisi lan ora gawe sing maca bosen maca ceritane,
misteri-misteri sing ana ing jero novel iki uga gawe penasarane sing maca tanpa
ngluweh-ngluwehake cerita sing ana ing jerone. Bahasane sing lugas ananging
gawe gampange sing maca lan kanggo mahami pesan-pesan sing ana ing jero novel
kuwi.
Langganan:
Postingan (Atom)

